Rabu, 18 April 2012

MBOTEN EWAH GINGSIR

Ibadah Brayat
Kamis, 19 April 2012







MBOTEN 
 EWAH  GINGSIR

 

LELAKONE PARA RASUL   5 : 26 – 42

38
Mekaten ugi samenika,
tumrap prekawis menika,
kula mrayogèkaken,
supados panjenengan
sampun ngantos nindakaken menapa-menapa
 dhateng tiyang-tiyang menika.

Sampun dipun ganggu,
sebab menawi ada-ada
tuwin pendamelipun tiyang-tiyang menika
 asalipun saking manungsa,
temtu badhé sirep piyambak.

39
Nanging
menawi asalipun saking GUSTI ALLAH,
panjenengan temtu mboten saged
ngawonaken tiyang-tiyang menika.
Sampun ngantos mangké
 panjenengan piyambak
kepanggihipun malah nglawan
dhateng GUSTI ALLAH.”

Pradata Agama mau
nurut
marang pamrayogané Gamalièl.












Bapak Ibu Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS KRISTUS
Kita samangke
 sampun lumebet
 ing minggu-minggu pepengetan
wunguning GUSTI YESUS

GUSTI YESUS
sampun sami ngatingalaken
 DIRI PRIBADInipun
sacara badan wadag-
kajasmanen
 bilih GUSTI YESUS
 ingkang wungu
 mawujud manungsa
ingkang nggadahi
rah lan daging

Lah kanthi makaten
 pakuburanipun sampun kosong

Bilih GUSTI ingangkat dumateng swarga
sacara badan raga
jasmaninipun,
samangake mboten wonten malih
 GUSTI YESUS
 sacara kamanungsan
ingkang katinilaran ing jagad

GUSTI YESUS
sampun nilar-
paring tuladha bab
semangat pengorbanan
 lan
 semangat karahayon-
tentrem rahayu
dumateng saben tiyang
 ingkang purun pitados
dumateng PANJENENGANipun


Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Rinten dalu
para murid-
nggih para rasuling ALLAH
menika
sami ngraos-ngraosaken
bab pamanggihing para pitados
 ingkang saestu nekseni
bilih GUSTI YESUS sampun wungu

sepindhah malih,
ing jamaning para rasul
 ingkang saestu sampun sami nekseni
 bilih GUSTI YESUS
 saestu sampun wungu
kathah …

Pinten ewu tiyang Para Sadherek…
Utawi
 pinten atus tiyang Para Sadherek
 ingkang sami katingalan lan ningali
 wungunipun GUSTI YESUS ?

Lah
semangat menika sami ndadosaken
 mboten ewah gingsiring
 iman kapitadosan

Gesang ingkang nglokro
 sampun kagantos
dados gesang
ingkang kebak pangajeng-ajeng,

Nglajengaken gesang padintenan
 ingkang saestu
dados seksi wungunipun
SANG KRITUS-
MESIAS-
 GUSTI kita
 YESUS


Patunggilan
Saestu
 kados dene gegambaran
kembang-
sekar edelweiss
 ingkang tuwuhipun ing puncak gunung
sanalika kapetik
ngantosa garing aking
inggih tetep utuh
mboten enggal risak
 malah saya mekar

Menika nggambaraken
bab kalanggengan-
‘keabadian’

Lah makaten ugi
 bab panyuraosing gesang
 ingkang mijilipun saking ALLAH
 mesthi gesang kita ugi
mboten badhe risak-
 mboten ewah gingsir
 awit GUSTI kita
ugi dados GUSTIning 
ALLAH
 kalanggenganan-
Alfa Omega

Jamaning Para Rasul nindakaken pakaryan
 ing wiwitan
kanthi semangat
 ingkang makantar-kantar
anggenipun ngabaraken
bab wunguning GUSTI YESUS-

para rasul memucal
piwucalipun awujud
kesaksian bab gesang langgeng-
 bab GUSTI YESUS sampun WUNGU

Menika sejatosipun
Piwucal enggal
 ingkang mboten sami
kaliyan piwucaling para imam,
 piwucalipun para ahli Toret 
lan  mboten sami
kaliyan piwucaling pamikir-
 piwucal-piwucal Yahudi

Kanthi kendhel
para rasul nyariosaken piwucal enggal
ingkang gegayutan kaliyan
wunguning GUSTI YESUS
 lan
bab-bab sanesipun
ingkang sampun sami kaalaman
bilih GUSTI YESUS
 ingkang kasedanan,
ingkang kasalib,
lan
ingkang sampun wungu
 menika
sajatosipun ALLAH
 SANG MESIAS-
 JURU WILUJENGing
manungsa

Piwucalipun
ngantos dumugi
 mlebet kitha Yerusalem
lan
padaleman suci
ing Yerusalem

Lah makaten ugi
 ingkang sami katindhakaken
 dening rasul Petrus

kanthi kendhel
rasul Petrus
 nyariosaken prastawa
seda sinalib
 lan
 wungunipun
GUSTI YESUS

Bab piwucal enggal
ingkang saweg katindakaken
dening para Rasul menika
ugi dados titikaning-
pratandha
 bilih mboten wonten istilah
 ewah ginggir-
‘tidak ada yang berubah
 di dalam kekeristenan’,
tidak ada keragu-raguan

 GUSTI YESUS
sampun wungu
lan
PANJENENGANipun
menika
MESIAS
ingkang gesang



Patunggilan
Punapa menika cariyos rerekan-
‘cerita yang dibuat-buat’-
‘cerita isapan jempol’-
dongeng utawi mitos ?


Sanajan ...
Sampun kalampahan
langkung saking 2000 tahun kepengker
…. 
namung,
Sampun kathah tiyang
ingkang mitadosi lan mbuktekaken
bilih YESUS menika
GUSTI
SANG MESIAS
JURU SLAMET
ingkang gesang
 lan
kathah tiyang
 ingkang paring kesaksian
sebab karana kathah mujizat
 ingkang sampun kaalaman
 ing gesangipun


Ing wiwitan
 Para Rasul makarya
 paring kesaksian-
martosaken
bab KRISTUS
sampun sami ndadosaken :

getem-getem,
manah ingkang mangkel,
tuwuhing rancangan anggenipun nyedani
badhe numpes,
dening para ‘panguasa’-
para imam
 ing Yerusalem

Lan
sampun kathah ugi
para pitados
lan
 para rasul
ingkang sami kakunjara,
ingkang sami kasiksa,
ingkang sami ka’sesah’-
kapecut
….
Lamun mboten ngantos pinejahan,
Sababipun mboten sami pinejahan
 Karana
 wonten salah satunggaling Farisi
 ing Makamah Agama
(Pradata Agama)
 Ahli Toret
inggih menika Gamaliel 
ingkang sanget kinurmatan

Gamaliel nggadhahi pamanggih :
mboten perlu nganiaya
 lan
mboten perlu numpes tiyang pitados-
mboten perlu nindakaken menapa-menapa
dumateng para rasul

sabab
bilih punapa ingkang dipun wucalaken para rasul
menika
saking manungsa
mesthi enggal badhe kendel piyambak-
mesthi mboten badhe lestantun

 kejawi
menika
saking GUSTI ALLAH
nggih mesthi badhe lestantun

Bab kakuya-kuya
 Lan
 kaaniaya
kanggening para rasul
 menika malah ndadosaken mongkoging manah

Lah makaten
dados pandhereking GUSTI YESUS
mesthi
 badhe kaaniaya-
kakuya-kuya  

Prastawa menika
 mboten ndadosaken suruting gesang
 kesaksianing para rasul
 malah-malah
tambah ngrembaka cacahipun tiyang pitados
ingkang mitadosi
bab wunguning YESUS
 SANG MESIAS


Saestu
Para Sadherek sapatunggilan
Mboten ewah gingsir-
‘tidaklah berubah’
 akan iman kepercayaannya
 bahwa YESUS
adalah ALLAH
yang sudah bangkit
dari kematian
dan
yang sudah mati
disalibkan

GUSTI YESUS
taksih makarya
ngantos dumugi wekdal samangke
Taksih kathah mujizat
 ingkang kalampahan
 ing nDALEM ASMAning
GUSTI YESUS

Saestu
mboten wonten
ingkang ewah gingsir
sanajan sampun 2000-an tahun langkung

Kados dene sekar-
kembang Edelweiss
ingkang abadi

GUSTI kita
 inggih iman kita
 ingkang kaparingaken dumateng kita
 pribadi mbaka pribadi
kanthi kendhel-
dengan ‘berani’
nyekseni,
mboten ragu-ragu,
tansah nggondeli kaleresan

Kita
 ugi saged badhe lestantun
salami-laminipun
 sabab
sadaya prekawis
 ingkang asal muasalipun saking ALLAH
menika asipat langgeng

Mugi-mugi
lumantaran panyuraos kita
ing dalu samangke
sami saged ngiyataken iman
kapitadosan lan kakiyatan kita
saestu-estu kabakuh

Sabab
 iman kapitadosan kita
 pinangkanipun
 saking ALLAH

GUSTI YESUS
 mberkahi kita


AMIN














1.      Votum / Berkat

2.      KPK 25 : 1  Ngabekti mring GUSTI

3.      Pandonga


Maos Kitab Suci :  LELAKONE PARA RASUL 5 : 26 – 42

1.      KPK 155 : 1, 2 Paseksi sayekti

2.      Kotbah ….

3.      KPK 273 : 1 (2X) GUSTI wus wungu

4.     Doa syafaat


5.      KPK 153 : 1 GUSTI YESUS KRISTUS

6.      Berkat





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami