Minggu, 25 Maret 2012

DADOS TALANGING BERKAH

( Pacawisan Pambujanan,29 Maret 2012)
DADOS  TALANGING  BERKAH             PURWANING DUMADI 17 : 1 – 9  (2)
2. INGSUN bakal damel prasetyan ing antarane INGSUN lan sira, INGSUN bakal nangkarake sira nganti dadi akeh banget

Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS. Sugeng pinanggih ing nDalem Asmanipun GUSTI YESUS.Iba bingahing gesang kita, awit kita tansah kaparingan pitulungan ing sawekdal-wekdal kita nindakaken pigesangan. Punapa wonten bab prekawis ingkang mboten prayogi ing ngarsanipun ALLAH ? Kita ingkang dumawah ing dosa sami kaangkat- kaleresaken dados tiyang ingkang pinunjul. Pancen gesang kita mboten kanthi mulus …
Punapa wonten conto sanesipun ingkang langkung ageng malih, bilih Rama Abraham kawastanan dados abdining ALLAH ingkang pinilih : Badhe nurunaken kasaenaning ALLAH, nggih menika mujudaken sadaya berkahing ALLAH ingkang sarwa luber.

Gesang kados mboten wonten artosipun malih bilih kita lumampahan piyambak, ajining gesang ing alam ndonya menika bilih kita sami sampun katimbalan dados abdi ingkang pinilih. Rama Abraham kapilih- dipun piji dening ALLAH, menika wujuding prasetyaning ALLAH dumateng sadaya anak turuning Rama Abraham

Sawernining pengalamaning gesang, mesthi katunggilan dening ALLAH; Kita ngengeti yuswaning Rama Abraham … kita ngengeti sapinten dosa-dosaning Rama Abraham sanalika ngrantos wujuding prasetyaning ALLAH … kita ugi ngengeti kados pundi Rama Abraham mujudaken kasetyaning dhiri dumateng ALLAH, ALLAH enggal mitulungi… Iskhak mboten siyos kakurbanaken awit GUSTI ALLAH kita menika saestu netepi punapa ingkang dados ingkang sampun kaprasetyakaken dumateng Rama Abraham sak anak turunipun.

Rama Abraham dados talanging berkah … Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS. Iba bingahing gesang kita bilih kita sami saged nyonto lan nuladha lan nindakaken pigesangan kados dene Rama Abraham. Awit pengalamaning gesang sesambetan kita kaliyan  GUSTI YESUS KRISTUS menika, ugi saged mitulungi kita sami, ing sawekdal-wekdal kita sami ngalami pasang suruting pigesangan; Sebab kita ugi saged dumawah ing dosa kados dene Rama Abraham. Ananging kita ugi badhe enggal kaentas lan kaparingan kakiyatan ingkang mijilipun saking ngaluhur. GUSTI YESUS paring berkah kanugrahan ingkang agung lumantar seda lan wunguning PANJENENGANipun (bab prekawis Paskah). GUSTI YESUS mboten mblenjani janji, kados dene ALLAH paring prasetyan dumateng RAMA Abraham. Prasetyaning ALLAH menika nuwuhaken berkah kanugrahan dumateng sok sintena tiyang ingkang kapiji lan kaentas saking luwenging dosa

Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS. Pinten dangunipun kita badhe gesang ing alam ndonya … lan pinten dangunipun anak turun kita badhe gesang . Semanten agenging berkahing ALLAH kaparingaken dumateng kita sami kados dene ingkang kaalaman dumateng Rama Abraham. Punapa malih kita kawastanan dados putra rohanining Rama Abraham… malah-malah kita kawastanan dados putraning ALLAH ing nDalem GUSTI YESUS. Sumangga kita nindakaen kasaenaning gesang sanes tumindak kasombongan, kita saged nindakaken pitulungan dumateng sok sintena tiyang ingkang mbetahaken, tanpa mawang dhiri lan kita saged ugi paring-maringi punapa kemawon ingkang kabetahaken tumprap sadaya tiyang saged awujud : semangating gesang, nasehat, motivasi, pangajeng-ajeng, kawigatosan-perhatian, pangalembana-pujian lan ugi pengalaman-pengalamaning gesang ingkang migunani. Sumangga kita wujudaken lan kita tindakken … karana makaten kita sami sampun dados sarem lan pepadhaning jagad;

Kanthi andum berkah ingkang mijilipun saking ALLAH, kita martosaken sih katresnaning SANG KRISTUS GUSTI kita. Sumangga mitadosi lan nyenyinau bab gesanging Rama Abraham  dalasan GUSTI YESUS KRISTUS punapa ingkang sampun katindakaken mboten badhe nglaha …bilih perlu, kita ugi saged maringaken dhiri kita kangge mitulungi tiyang sanes. Saestu dados satunggaling kabegjan bilih kita sami saged mujudaken ngraos-ngraosaken tiyang sanes bab berkah peparinging ALLAH lan kekembulan ing pambujanan suci sesarengan para sadherek sapatunggilan.

GUSTI YESUS amberkahi kita. AMIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami