Kamis, 24 November 2011

TANGIA LAN TUMENGAA

Pangibadah Brayat
Kamis, 24 November 2011

TANGIA LAN TUMENGAA

LUKAS 21 : 20 – 28

28
Anadene
njenggeleka lan tumengaa,
amarga wus cedak anggonmu
bakal kaluwaran



Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Iba bingahing kita
ingkang katunggil
 dening ALLAH
ingkang kebak
ing kasetyan lan prajanji

Saiba kita sami kanugrahan
 tentrem rahajeng
ingkang pinangkanipun saking ngaluhur

Sae anggen kita
 sami mangun pigesangan
 ing dinten-dinten samangke
ugi ing wekdal salajengipun

Sae anggen kita
 taksih nampi kawilujengan kasarasan
lan
 ugi nampi kakiyatan raga lan rohani

Makaten ugi sanalika nampeni
 kawontenan ingkang sami nggegirisi
kados ingkang sampun kaseratan
ing kitab suci
nggih menika bakal wonten hakanan
ingkang kapastekaken saestu sanget awratipun
 ugi badhe kalampahan
lan
 badhe nempuh sajagad
dalah saisinipun

Gegambaran Yerusalem runtuh lan karisak
ing samukawis prekawis
sampun kalampahan

bab menika ugi sampun kaseratan
 ing SABDA PANGANDIKA
ing salebeting kitab-kitabing para nabi
lan
ugi bab-bab ingkang katempuh
dening jagad dalasan ndonya saisinipun

Pancen
 kita ugi kalebet ing ngriku

Lha sumangga ndadosaken kita sami
 kabangun ing iman
 lan
kabangun ing kapitadosan 
dumateng ALLAH
Rahajeng kita
ingkang sampun tansah cecawis
lan
ingkang tansah niti kawontenaning jagad
ing wekdal samangke
anggen kita sami migesang

Mbok bilih
 kathah ugi bab-bab prekawis
ingkang ndadosaken kita
sami saged semplah,
rebah,
lungkrah
lan
dumawah
 ing kapitadosan
“GUSTI koq kaya ngana… aku dijar-jarake”
“Koq bisa kedadeyan iku nempuh aku…”

“dadi putraning ALLAH
 ora ana olehe
sabab aku ya ora tambah mujur
uripku”

Taksih kathah malih
 para sadherek
reraosaning gesang kita
ingkang saestu ndadosaken kita
nyempal
lan ugi sami saged
nindakaken tumindak nilar
 GUSTI YESUS
Jer
kita ngakeni bilih
‘kiamat’ menika wonten
ing salebeting gesang kita
 samangke

Punapa mboten kasebat kiamat
bilih kahanan kita
raosipun ‘kados’ ngalami pejah sajroning gesang ?
Ical ing pangajeng-ajeng?
 Lan
pundi ingkang dados margi
ingkang kita ener
sanes dhawuh pangandikaning ALLAH

Kiamat
ateges kawontenan
 ingkang nggegirisi
lan
ingkang saged nuwuhaken gesang kita
arupi pejah
ing kalanggengan.

Kita sami ngraosaken gesang kita
 abot sanggaipun
 mboten wonten malih
 ingkang saged mitulungi;
 Kiamat punika saestu
 saweg kita tampeni

Dados
angger kita nampeni kahanan
ingkang awrat
ing salebeting gesang
 lan
 kita ngraosaken diri kita menika
 sampun uwal
 saking margining kapitadosan
 bilih ALLAH
sampun makarya
ing diri kita

 ananging kita
 mboten mangertosi
 malahan kita mbingungi
 lan
nggadahi was sumelang
ingkang ageng :
 ‘gek engkok… mangkene…
lan sapiturutipun’

Menika
wiwitaning kiamat
 ing dhiri kita kalampahan
sauger kita nampi timbalaning ALLAH
 ananging kita mboten mangertosi
 karsaning ALLAH

Lha inggih menika
ingkang kaaranan kiamat
 sabab mboten wonten malih
 pitulungan ingkang saged nguwalaken kita
 saking kahanan
 ingkang nggegirisi

Bilih Israel
Yerusalem
 kawastanan nampeni kiamat
 nanging taksih nggadahi piandel-andel
dumateng ALLAHipun
menika kaaran
 mboten kiamat
kanggening Yerusalem,

 sajatosipun
sadayanipun
 ugi sampun katempuh
dumateng Yerusalem
 ananging menika sanes
pungkasaning gesang


Rahajeng kita para sadherek
 bilih kita taksih
 sami-sami ngugemi
dhawuh pangandikaning ALLAH,
 lan kita tansah
nyenyuwun kekiyatan

 kita menika ngalami kiamat
 ing wekdal bab-bab
ingkang nggegirisi nempuh dhiri
 ananging kita
sami kaluwaran
sabab kita tetep nggondeli
bab prekawis wujuding gesang langgeng

Samia kita pejah
 ananging tetep wonten
 ing pangrehing ALLAH

Yerusalem runtuh
 ananging wonten
ing karsaning ALLAH

Lha
makaten Para Sadherek
bab ingkang dados reraosan kita
bilih PUTRANING ALLAH
 badhe rawuh malih
 ing satengahing jagad

Kita menika
sami kataker
 ing iman kapitadosan
 punapa iman kita
sampun tuwuh ngrembaka
lan
ugi sami sampun ngedalaken woh-wohing iman
punapa anamung
kados dene wit anjir
 ingkang mboten ngedalaken woh ?
 ….

Sumangga
kita intropeksi dhiri
kasaenan kita
nboten anamung lamis
ing tumindak 
lan
 ing pawicantenan
 sabab
 menika badhe sirna
 ing wekdalipun

Kiamat
ingkang pungkasan
 mesthi nempuh dumateng saben tiyang
 sumangga enggal tangi,
njenggelek
 lan
tumenga

GUSTI YESUS ngrawuhi kita
….

Lan
GUSTI YESUS
 ugi badhe rahwuh
 ing gesang kita
 ing sawekdal-wekdal
 ing gesang kita
 pribadi mbaka pribadi.

 Lha
makaten kita mboten kepareng
tetep ing kahanan lungkrah,
 sulaya,
pejah ing iman
 lan
 kathah prekawis
 ingkang kita angkat piyambak
 ugi sami kita
nidakaken panerak
 dosa kalepatan.

Lha
menika para sadherek
 bab kiamat
ingkang sampun nempuh
gesang kita :

 Padha tangia
ayo tumenga
engal masrahaken gesang

 jer
GUSTI YESUS PRIBADI
 ingkang badhe mbangun
 gesang kita
sabab kawilujengan
mboten wonten
 ing sanjawining
SANG KRISTUS YESUS

Tangia,
ndedonga,
 tunengaa
GUSTI YESUS
nglabuhi gesang kita

Amin


















Votum/Berkat
Pamuji Kipas 95 : 1, 2
Ing Waktu Badhe Winulang

Ndedonga :
Syukur
Nyuwun sih pangapunten
Undang Roh Kudus.
AMIN

Pamaosing Kitab Suci :
Lukas 21 : 20 -28

Pamuji Kipas 92 : 1
Sabdanipun ALLAH

KOTBAH …..
TANGIA LAN TUMENGAA

Memuji Kipas
145 : 1, 2
Nyuwun Ayem Ing Manah

Ndedonga Syafaat :
Dhawuh pangandika ingkang nembe kagilut …
Saos syukur : pamisungsung kaaturaken …
Nunggil anggen badhe cecawis mbangun pahargyan Natal
Gereja ing pundi-pundi panggenan ( GKJW & pepanthan )
Bangsa lan nagari Indonesia
AMIN

Memuji  Kipas 111 : 1
Rerepen Ing Wanci Dalu
Berkat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami