Minggu, 14 November 2010

PRATANDHA ING BAB DINTEN INGKANG PUNGKASAN

Ibadah Minggu
14 Nopember 2010








Tema Wulanan :
GUSTI ALLAH  etuking pangajeng-ajenging  gesang



Tujuan :
 Supados warganing pasamuwan  mangertos
ing bab tandha-tandha  dinten rawuhipun GUSTI
 ingkang kalih lan saged cumawis











PRATANDHA
 ING  BAB  DINTEN
 INGKANG  PUNGKASAN








I.                   MALEAKHI  4 : 1 – 2a
Lah dina iku
bakal teka,
murub kaya pawon;
Sakehe wong
kang sembrono lan
sarupane wong
 kang nglakoni duraka
bakal pada dadi kaya dami,
sarta dina kang teka iku
bakal  ngobong wong-wong mau, -
 mangkono pangandikane SANG  YEHUWAH
 GUSTIne sarwa dumadi, -
nganti ora ngarekake oyod lan
pange siji-sijia   
2. Balik sira
  kang padha wedi
marang asmaningSUN,
bakal padha kaplethekan
 padhanging srengenge
 kabeneran
 kang nggawa kawarasan
 ana ing  swiwine.

II.                II TESALONIKA 3 : 7 – 12
III.             LUKAS 21 : 5 – 19








Patunggilan ingkang kinasihan
 dening GUSTI  YESUS


Patunggilan
rahasia tumedhaking  GUSTI  YESUS
 ingkang kaping kalih
 mangke
sampun kaweca
 ing kitab  suci

Ing Kitab Suci
Kawedaraken
 bilih rawuhing GUSTI  YESUS
ing nembe mbenjang
 bakal kairingan tandha lan
 pratandha
kaelokaning ALLAH.

Sinten
 ingkang mursid lan
 ngabekti
ing salamining gesang
 mangke
ing wekdalipun GUSTI badhe rawuh
mboten badhe bingung,
mboten badhe ajrih lan
 kebak ing pitakenan
 sabab
 sadaya punika
 badhe kalampahan miturut
 ing karsaning ALLAH


Dene karsane ALLAH
sampun kaimanan
Sampun  ta
kapitadosanipun kiyat
 ngrantos-antos mebnjang kapan
GUSTI badhe rawuh.

Ing sawanci-wancia ugi
sampun siap.



Makaten para sadherek sapatunggilan
 cecawisaning para timbalan
ingkang  sayektos
pinanggih setya tuhu
 dumateng timbalanipun


Patunggilan
ingkang kinasih
karana makaten
 kita menika
sami dados seksi-seksinipun ALLAH
ingkang gesang
ing alam ndonya
samangke.

Lah 
kenging menapa kita
sami ajrih
sababipun menapa ?

Karana wontenipun
 paprangan ageng lan
sanget  nggegirisi,
wonten bencana-bencana alam lan
 mawarni-warni pagebluk-
penyakit lan
 mawarni-warni perkawis
ingkang sami
 mboten saged kita  cariyosaken
 malih.

Tyang
 ingkang dereng saestu pidatos lan
dereng saged nindkaken
sadaya dhawuh pangandikaning ALLAH.

Nggih badhe kelu-
katut
ing  prahara punika

Pracayaning gesang
mboten saged mitulungi malih
 karana katut
ing ombyaking  prakawis-prakawising gesang-
praharaning gesang


Patunggilan
 ingkang kinasih
dening GUSTI  YESUS
Rubedaning gesang kita
ing wekdal samangke
 ugi
 ing wekdal titiwancining GUSTI  YESUS rawuh
 mbenjang

Rahasia punika
 mboten wonten
 satunggaling tiyang lan
jalma
ingkang mangertosi-
menika sengkeraning ALLAH

ALLAH  PRIBADI
 ingkang sami dados
 punjering gesang pigesangan lan
tuking gesang

Rahasia
tetep rahasia

Ananging para sadherek
ing kitab LUKAS 21 kalawau
sampun kaweca
bilih GUSTI  YESUS
 kagambaraken ngalami seda
sinalib lan
 kaaniyaa-
kasiksa 
pejah
ing raga

GUSTI  YESUS
sampun wungu malih
ing tigang ndintenipun

BAB pasemon
 jugruging padaleman suci lan
ing tigang  ndintenipun
 badhe kawangun malih
menika saestu
sampun sami kalampahan
ing dhiri pribadining
GUSTI  YESUS

Rahajeng kita
 ingkang sami sampun
saged mitadosi
bilih sadaya prakawis
ingkang sampun kaseratan
 ing Kitab Suci menika
mesti
badhe kalampahan lan
badhe kabangun  enggal malih
Padaleman Suci
ing tigang ndintenipun

Ing pigesangan enggal
ing wungunipun GUSTI  YESUS lan
 ing pangwasaning GUSTI  YESUS

Rahayu saben tyang
ingkang sami sampun mitadosi
bab punika
sabab mangke
 mesthi ugi badhe ngalami
kaenggalaken
 ing raga kasukman

Ing bumi
 ingkang enggal lan
tatanan gesang
sanalikaning GUSTI  YESUS ngrawuhi jagad
 ingkang kaping kalihipun malih
mangke


Patunggilan
Kita sami lumampah
ing pangajeng-ajeng
 rawuhipun GUSTI  YESUS  
ingkang kaping kalihipun

Punapa kita sami
sampun siap
ing cecawisaning gesang ?

Punapa
ingkang kedah kita siapaken ?

Rumaosing manah kita-
kita menika
 sinten lan
 GUSTI  YESUS menika
 sinten ?

Rahajeng kita
 ingkang sami mastani
bilih GUSTI  YESUS punika
putraning ALLAH
 ingkang makarya lan
 ingkang badhe ngrampungi
sadaya pakaryaning ALLAH

Lah
 punapa kita
 sampun sami ndherekaken
 ing pakaryaning ALLAH
 salami kita gesang ?


Patunggilan
 rawuhing ALLAH
 mboten sami
 badhe ngajrih-ajrihi kita
tyang ingkang sampun sami mitadosi
sadaya pakaryaning ALLAH


Patunggilan
ingkang kinasihan
 dening GUSTI  YESUS
Kita punika
sami kaatag
supadosa sami saged
 tetep
 ing panyambut damel
nindakaken pakaryan-pakaryaning ALLAH
ingkang pundi
 kita saweg ayahi sesarengan

Dene bilih Rasul Paulus
ingkang sampun paring pepenget
dumateng  pasamuwan
 ing Tesalonika
 bilih GUSTI  YESUS menika
enggal badhe rawuh malih
 ingkang kaping kalihipun

Kawontenan
Pasamuwan  Tesalonika
 sami saged kagolongaken
ing 3 (tigang) kelompok
 anggenipun nindakaken
pakaryaning gesang pigesangan

Kelompok ingkang sepindhah
nggih punika
 kelompok ‘aji mumpung’
saestunipun 
piyambakipun anamung ngendelaken
 tumindak dosa kemawon
 kanthi pamikiran
mumpung GUSTI YESUS
dereng rawuh
aku isih bisa ngrasakake
‘swarganing  ndonya

Kelompok kaping kalih
 nggih menika
kelompok ingkang mboten maelu
bab prekawis
rawuhipun GUSTI  YESUS-
kelompok ‘acuh tak acuh’
kelompok ‘masa bodoh’
 piyambakipun anamung
 ngrantos rawuhipun GUSTI
 nanging mboten
nyambut damel babar pisan

Kelompok ingkang kaping tiga,
nggih punika
kelompok ingkang namung nengenaken
 bab-bab karohanen kemawon
mboten nindaken padamelan
ingkang asipat jasmani
 karana miturut piyambakipun
 punika pandamel nglaha
lajeng  tebih saking gesang
ingkang tulung tinulungan
lajeng sabanjuripun saged
ndadosaken momotaning pasamuwan
Rasul Paulus
mboten makaten anggenipun
 paring conto
tuladha
ing pigesanganipun lan
anngenipun paring piwucal

Rasul Paulus
 tetep kemawon
tumindak makarya
sacara tata jasmani
 kanggening nyekapi kebutuhan
 kajasmanenipun
 nanging ugi
 Rasul Paulus
tetep kemawon makarya
ing kerasulanipun
kanthi kebak
 ing tanggeljawab.
Bilih GUSTI
pancen sampun paring
 kasagedan-kasagedan-
 talenta

Panyambut damel
 kanthi tnggung jawab
 nedahaken  bilih kita
 sami kados dene Rasul Paulus
ugi mujudaken panganti-anti
 ing bab dinten rawuhing GUSTI

Rasul Paulus
 paring pepenget
bab tumindak
ingkang mboten wonten
 paedahipun
nggih punika ‘bergosip’-
mbucal wekdal-
nglaha.

Wekdal
 ingkang mboten kasumurupan lan
 mboten kamangertosan
kapan bab rawuhipun GUSTI  YESUS
kedahipun kita
 isi kanthi sikap cumawis
 ing samukawis
 ing pigesangan –
 tetep nyambut damel
 nyekapi
 sadaya kabutuhan tata kajasmanen


Patunggilan
bab piwucalipun GUSTI  YESUS
nggih punika nyondongi
kaliyan pamecanipun
 ing tembe mbenjang
wonten gesang malih
 sak sampunipun pejah

GUSTI  YESUS paring dhawuh
 karana DHIRInipun
ingkang gesang langgeng  menika
badhe ngalami pinejah lan
 badhe wungu malih
 ing dinten  kaping tiga

Saumpamia menika
 Padaleman suci
ingkang kabongkar lan rubuh

Padaleman Suci
Yeyasane Prabu Sulaeman
 ingkang sampun kabangun malih
sabab sampun nate karubuhaken dene bangsa Babel
 menika mbetahaken wekdal mataun-taun

La kenging menapa
GUSTI  YESUS paring dhawuh
ing tigang dinten
badhe kadegake
badhe kabangun malih

Miturut sakathahing tiyang
ingkang mireng pamecanipun GUSTI  YESUS
menika bab ingkang mokal
mboten badhe saged kalampahan

Nanging
 miturut dhawuh piwucalipun GUSTI  YESUS
menika bab karohanen lan
bab kajasmanen

Padaleman Suci
nggih menika Dhirinipun  GUSTI  YESUS 
pusat pepujan kita sami

Ing dalem GUSTI  YESUS
wonten pigesangan langgeng
salami-laminipun
sok sintena tiyang
 ingkang pitados
ing wancinipun mangke 
karana kapitadosanipun
 mangke badhe kawungokake

Sanajan awrat
 gesangipun 
saged ugi kaaniaya
 kasiksa
 kakuya-kuya
lan sapiturutipun’

Gesang ndherek GUSTI  YESUS
pancen gesang
 kebak ing ‘perjuangan’
 kedah purun rekaos
 manggul salibing dhiri pribadi

 nggih salibing GUSTI  YESUS
 ingkang dados kakiyataning gesang kita
 karana GUSTI  YESUS
 sampun ngrembat dosa lan
 dosaning para manungsa
sadayanipun

Wungu
 saking pejah
menika piwucaling GUSTI YESUS
 kanggening sadaya umat
 ingkang pitados

Sumangga
kita tansah sregep nyambut damel
kados dene  ‘talenta’-
 peparinging ALLAH
 tumprap gesang kita piyambak-piyambak

Kita nyambuit damel
ing pakaryaning ALLAH
ngantos kita katimbalan pejah
karana dosa dosaning manungsa lan
 kita katangekaken malih
ing dintening ALLAH
 ngrawuhi manungsa
 ing jagad
ing  jamaning  jaman
 pungkasan

Sregep nyambut damel
 kagem kaluhuranipun GUSTI ALLAH lan
nampeni sadaya prekawis
 ing pigesangan kita
 sampun nglaha
anggen kita gesang samangke

GUSTI  YESUS amberkahi kita


AMIN































1.      VOTUM / BERKAH
      KPK  60  : 1, 2     ALLAH pangen kula
Pasamuwan
Sugeng pinanggih ing patunggilaning SANG KRISTUS YESUS
Kita sidhem sawetawis …

 Bilih ALLAH ingkang nitahaken langit lan bumi
 inggih ingkang  dados tuking gesang
luber ing sih susetyanipun
 tumrap kita sadaya pra titahipun

Sih rahmat lan Tentrem rahayu
ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
              tumraha ana ing gesang kita
            sapasamuwan
                                                                      AMIN
           
      
2.    INTROITUS    :    MATIUS  24 : 13 - 14
13. Nanging sing sapa
 mantep tekan ing wekasan,
 iku bakal kaslametake
14. Sarta Injiling Kraton iki
 bakal kawartakake
 ing saindenging jagad
 minangka paseksi
marang sakehing bangsa.
Sawise iku
bakal tekane dina wekasan
       KPK  74  : 1  ( 2X )      Pracaya mring GUSTI


2.  PENGAKEN  DOSA : …Matius  22 :  37 – 40
37. PANJENENGANe ngandika marang wong iku, “Sira tresnaa marang PANGERAN ALLAHira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging budinira
38. Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe
39. Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku : Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awake dhewe.
40. Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung ing angger-angger loro mau”.

ndedonga : 
AMIN

4. KPK  148  :  1      Nyawisi papan mring GUSTI
5. PAWARTOS  RAHAJENG : 

JABUR  16 : 7 - 11
7. Aku ngalembana  marang SANG YEHUWAH, kang paring pitedah marang aku; malah ing wayah bengi aku digegulang dening telenging batinku
8. Aku tansah madhep marang SANG YEHUWAH, manawa PANJENENGANe jumeneng ana ing tengenku, aku mesthi ora nganti keguh
9. Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak, malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem.
10. Amargi PADUKA boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan; PADUKA boten marengaken manawi kekasih PADUKA ngantosa sumerep kluwat
11. PADUKA ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula; kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa PADUKA; ing asta PADUKA ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng
6. PENGAKEN  IMAN  RASULI … pinarak ))
    KPK  175   :  1      Tyang rahayu

7. PELADOSAN  FIRMAN :
          PANDONGA:    … AMIN

    PAMAOSING  KITAB SUCI :   
Maleakhi  4 : 1 – 2a
KPK  164 : 1  Agunging sih rahmat
Tesalonika  3 : 7 – 12
KPK  164 : 1  Agunging sih rahmat
Lukas  21 : 5 – 19  ( 7 )


     KOTBAH  PRATANDHA  ING  BAB  DINTEN  INGKANG  PUNGKASAN
            KPK  71  :  1, 3         Manggul salib

8.     PANDONGA  SYAFAAT :  


9.       PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
          Dasar  :   MALEAKHI  3 : 10
           Sira padha nggawaa pisusung prasepuluhan kabeh menyang ing gedhong            
           Parawatan, supaya ing padalemaningSUN anaa tandhon pangan; tumuli 
           INGSUN titi priksanen, -mangkono pangandikane SANG YEHUWAH  
           sarwa dumadi, -apa sira ora SUNwengani inebe langit, sarta apa INGSUN 
           ora ngesoki berkah marang sira nganti luber ?
           KPK  187  :  1 - … Pisungsung jiwa raga  >>PANDONGA   :  ….

10..    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
Rawuhing GUSTI  YESUS
mboten kanyana-nyana
kita kedah tansah cecawis
 saben dinten
saben wekdal
Lumantaran sihe peparinging ALLAH
kita sami rumaketa
 ing patunggilaning SANG  KRISTUS .
GUSTI  YESUS tansah nganthi gesang kita

          KPK   336  :  1    GUSTI kang nganthi    (kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita patunggilan
 ing dinten samangke
 ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
 mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
 SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI  . AMIN 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami