Senin, 23 Agustus 2010

KASANGSARAN ING DALEM GUSTI

Persekutuan  Doa







KASANGSARAN
ING DALEM  GUSTI

KESENGSARAAN  
DAN  
PENDERITAAN  
DI  DALAM  TUHAN
I  PETRUS  4  :  12 - 19
19
Kang iku 
para kang nandhang sangsara 
marga saka karsaning ALLAH,
iku padha masrahna nyawane, 
kalawan tansah 
nglakoni kebecikan, 
marang kang nitahake
kang setya tuhu

Karena itu
 baiklah juga mereka
yang harus menderita
karena kehendak ALLAH,
menyerahkan jiwanya,
dengan selalu berbuat baik,
 kepada PENCIPTA
 yang setia





Bapak Ibu patunggilan ....
GUSTI  YESUS sampun seda sinalib
ngrembat dosa
kalepataning manungsa

GUSTI  YESUS 
sampun seda karana nebus dosaning umat
ingkang kinasihan
karana punika
sadaya bab prekawis
ing gesang kita
saestu sampun kagantos
dening ALLAH

Bab paukuman
pejah langgeng 
kagantos 
wonten ing gesang langgeng
Kuciwaning gesang 
anggen kita
ingkang sami nerak angger-anggering ALLAH
sampun kabayar lunas
dening rahing GUSTI  YESUS


Patunggilan ingkang kinasihan 
dening GUSTI  YESUS
Pundi ingkang sae
tumprap gesang kita
samangkya ugi kita tampeni
karana "anugerah peparinging ALLAH"
Sampurnaning gesang kita
bilih kita
sami kauwalaken
saking sadayaning dosa panerak kita


Patunggilan ingkang kinasihan 
dening GUSTIN  YESUS
Sumbering gesang kita 
anamung wonten ing GUSTI  YESUS
Gesang enggal
karana wonten ing tatanan enggal

GUSTI rawuh ngungkuli
ngawonaken gesang kedagingan
ingkang saged pejah lan 
ngalami kasangsaran


Lamun punapa ingkang kaparingaken 
dumateng kita
punika bab
prekawis gesang ingkang adi
sacara karohanen
tumuju dumateng gesang langgeng
ing salaminipun
ing paprentahaning ALLAH
ing kraton swarga



Patunggilan ingkang kinasih
Sapunika 
kita sampun nampi kabingahan
sabab GUSTI 
sampun rawuh lan
nunggil 
ing gesang kita

Samangke
kita sami bebingah
ngriyadinaken Paskah
seda 
sinalibing
PUTRAning ALLAH lan
wunguning GUSTI saking kubur
Kapejahaken gesang kedaginganipun
ananging 
gesang karohanenipun
sampun nyampurnakaen gesang kita 
sami

Kaluhuraken
Asmanipun GUSTI  YESUS
ingkang sampun nebus  lan
mbirat dosa panerak kita

Kaluhuraken 
Asmanipun GUSTI  YESUS
ingkang dados panuntuning gesang lan
panuntuning gesang
tumprap kita

Iba kasangsaraning gesang
ingkang awrat
sampun kasanggi
kapikul
dening GUSTI  YESUS
karana katresnaning ALLAH
dumateng kita
tiyang ingkang mitadosi lan
mitadosaken gesangipun


Patunggilan
Bab kasangsaran
punapa dene penderitaan
tumpraping kita
para pandhereking GUSTI  YESUS
punika dados bab prekawis
ingkang saged mbingahaken
kanggening kita
sabab kita sami ugi ngicipi
ngraosaken salibing ALLAH
ingkang ndhatengaken
kawilujengan kanggening kita sami


Patunggilan
Gesang ingkang kebak reribed
karingkihan
sacara daging
sami kita alami
samesthinipun
karana kita taksih gesang 
sacara jasmani
ing jagad punika


Patunggilan ingkang dipun tresnani
GUSTI  YESUS
Karana kita nresnani GUSTI  YESUS
ingkang dados panutan kita lan
sampun nebus kita saking sadaya tuntutan lan
paukuman pejah langgeng

"Dhuh GUSTI nyuwun kakiyatan
nyuwun tulung
awit awrat sesanggi kawula ...."

Makaten
para sadherek
bilih kita sami ngamini
bilih sesakit
reribed lan
kahanan 
ingkang ringkih
tumpraping gesang kita
saged nyaketaken kita
dumateng GUSTI  YESUS

Sarana mandeng
rah pangorbananing GUSTI  YESUS
kita sami kiyat 
nampeni goda
coba rencana
ingkang nempuh gesang 
pigesangan kita
Amin

Lah punapa
ingkang saged kita alami 
sesarengan
ing jagad punika
minangka pasemon lan
piwulang
ingkang ngatag
dumateng kita
para pitados
supadosa anamung pasrah sumarah
dumateng GUSTI  YESUS

Punapa
ingkang kita alami saged
nyaketaken gesang kita
dumateng KRISTUS  YESUS

Sanadyan
kita ngalami gesang
ingkang awrat
punapa kemawon
ingkang nempuh dumateng kita
sumangga kita mareg sowan
ing GUSTI  YESUS
mboten malah nddosaken kita nebih lan
nilar GUSTI  YESUS

Rumaketing gesang kita
kaliyan GUSTI  YESUS
namung wonten ing kasangsaran lan
katresnan kita 
dumateng GUSTI  YESUS

Kasangsaran ingkang
saged nyaketaken kita kaliyan ALLAH

GUSTI ALLAH 
sampun nedahaken katresnan 
ingkang agung
Ktresnan ingkang sejatos
Karohanen kita
kedahipun mongkog
bilih sampun nyatunggil
ing GUSTI  YESUS
ugi dados putraning ALLAH
ingkang kinasihan lan
kawilujengaken

Sumangga
kita aturaken
bot repoting gesang kita
dumateng ALLAH
Lumantar ALLAH
sadaya kawontenaning gesang kita
sampun dados margining karahayon
ingkang sami saged dumugi 
anjog 
ing iman kapitadosan
ingkang satuhu
bilih GUSTI  YESUS
sampun migatosaken gesang kita
sami

Lumakua
ing gesang ingkang katuntunan
dening ALLAH
sanadyan kebak
ing kasangsaran
coba
goda rencana
sabab ALLAH ngresakaken kita
ugi sami ngicipi salibing gesang
ingkang awrat punika

Lamun kita kaparingan kiyat lan
pangluwaran
bilih sesambetan
dumateng GUSTI  YESUS
kanthi manah pasrah sawetah lan
pitados sayektos


Patunggilan
Riyadin Paskah
tansah ngengetaken kita 
dumateng seda 
sinalibing GUSTI  YESUS lan
wunguning GUSTI  YESUS
saking pejah

Riyadin Paskah
sumbering inspirasi
kanggening kita sami
pandhereking ALLAH
Supados sami mandeng
KRISTUS  YESUS 
ing salamining kita gesang

Kemenanganing gesang kita
sami ndhatengaken kraharjaning gesang
ing tembe
bilih kita
ugi nampeni
makuthaning gesang langgeng


Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS
Rikala kita nebih saking GUSTI
GUSTI  YESUS karsa nimbali kita
supados wangsul malih

Ananging rikala kita nampi 
kabegjan katunggilan dening GUSTI
GUSTI  YESUS ngersakaken 
kita ugi ngicipi 
salibing ALLAH
kasangsaraning ALLAH
ing dhiri GUSTI  YESUS

Kanthi makaten
katresnan kita
dumateng GUSTI  YESUS mboten 
anamung katrtesnan 
ingkang sementara kemawon
ananging dadosa katresnan
ingkang sejati
salamining kita gesang

Rahayu tiyang ingkang
sejatosing urip masrahaken gesangipun
ing astanipun GUSTI  YESUS
sadaya pengalaman
ing gesangipun
nedahaken lan
ngekahaken blih GUSTI  YESUS
saestu tresna 
dumateng kita
Babar pisan kita sampun katebus
dening rahipun

Sumangga 
patunggilan
kita sami nggatosaken gesang kita
piyambak-piyambak
supadosa kita sami kaliyan KRISTUS 
ingkang nandhang sangsara
seda 
sinalib
ing kajeng salib

Tinebusan dosa
kalepatan kita
awit kita ugi
ngrumaosi kuciwaning gesang kita
ing sadanguning kita lumampah
ing margi
ingkang lumawanan 
datan anjog ing pati ingkang langgeng

Lumakua lan pasraha
ing panuntuning ALLAH
Pasrah sawetah
ing gesang
lamun kita 
nampi kawontenaning gesang
bingah-bingah
abot entheng
sehat sakit 
lan sanes-sanesipun
anamung kakiyatan peparinging ALLAH


AMIN










BERKAT
KPK 114 : 1 
Aja semaya

NDEDONGA
KPK  250 : 1, 4
Kapotangan kula dhateng GUSTI

MAOS  ISINING KITAB  SUCI
KPK 262 : 1
Panglipur kang sejati

RENUNGAN
KPK 325 : 1
Aku kangen mring GUSTI
NDEDONGA

Pandonga Syafaat




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami