Sabtu, 31 Juli 2010

TANGGEL JAWAB DADOS PUTRANING GUSTI


Ibadah Keluarga
( Persiapan  Perjamuan  Kudus )
Kamis, 29 Juli 2010
Minggu, 1 Agustus 2010












TANGGEL   JAWAB 
DADOS
 PUTRANING  GUSTI









NEHEMYA  1 : 1 – 11









Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Bilih Panjenengan mireng
utawi nate ngrembag
bab rehab gedung greja menika,
 menika sanes lantaran rekadayaning para pinisepuh
lan diakening Pasamuan
ananging sampun dados kabetahaning
‘gedung uatawi bangunan menika-
100 tahun sekedap malih kita pengeti
ngadeging gedung greja menika
 lah kahanan ingkang makaten
ndadosaken prihatining para sadherek
ingkang saben dinten
 tansah cawe-cawe
utawi gampilipun
ugi mangertosi
kados pundi
kroposing payon ing nginggil
lan sanes-sanesipun

Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
kita menika
saged kasamekaken kaliyan
 kahananing Nehemya
ing rikala semanten dumunung
 tebih saking negarinipun
Israel

 karana sadhengah prekawis
 GUSTI  ALLAH sampun sami
 ndawahaken bebendunipun
dumateng umat
ingkang saweg ngalami pambuangan punika
 sanajan samangke
 sebagian warganing nagari sampun wangsul
utawi sebagian
 pancen mboten katut kabucal.

Nehemya ing wekdal samanten
 dumunung kitha Susan
nampi pawartos
saking sadherek satunggil bangsa
lan kapitadosan :
naminipun
Hanani.

Hanani
paring pawartos
bilih balowarti
utawi gapuraning kitha Yerusalem
sampun sami jugrug
lan kadongkel ing pundi-pundi papan panggenan

jugruging gapura
dalasan tembok Yerusalem
makaten ugi rubuhing papan pangibadah
ndadosaken si Nehemya
 prihatos manahipun

Manahipun trenyuh
lan sisah
 karana kitha Yerusalem
mliginipun ‘pintu gerbang’-
gapura,
 balowarti-
bebenteng
dalasan papan pangibadah punika
 sami dados kaunggulaning iman
 dumateng ALLAH.

Sami dados titikaning piandel
lan kapitadosaning umat
dumateng ALLAHipun,

 karana jugrunging saperangan
bangunan – bangunan menika
sami ndadosaken
sumbering kakiyatan
lan daya gesanging Nehemya
dalasan sabangsa ical.

Nehemya ngrumaosi
 bilih kakiyatan
dalasan daya juang-
pahargyan-
‘kewibawaaning para umat’ menika
saking jejeging bangunan-bangunan kalawau.

Karana menika
Nehemya ngrumaosi
bilih ALLAH
ingkang sami ngukum Israel
karana mboten setya tuhu …

Lah samangke
saben tyang sabangsa
sami sampun ngrumaosi
kesalahan lan kakiranganipun gesang
wantun sowan mareg malih
lan nggetuni sadaya dosa kalepataning.

 Israel sampun rampung
anggenipun ngalami bebenduning ALLAH
sampun kawangsulaken malih
ing ‘tanah tumpah darahnya’.

Sebagian
utawi sacara bertahap
 warganing nagari
 sampun kawangsulaken malih
 dene sebagian
taksih wonten ing papan-papan tebih
kados Nehemya
ingkang dados juru minum-
juru unjukaning raja Artahsasta….

muwun-
nangis
kenging menapa kados makaten
kahananing bangunan-bangunan menika
 kahananipun mrihatosaken ?

Kanthi pitakenan
dumateng sadherekipun Hanani,
Nehemya sampun mangertos bab punika.


Bab jugruging bebeteng-
 gapuraning Yerusalem
dene ugi papan pangibadah

Nehemya mareg sowan
ing ngarsaning ALLAH
kanthi pandonga
sesaosan syukur
 lan ugi nggetuni sedaya dosa
 lan dosaning umat
dalasan dosaning pribadinipun

Nehemya matur
bilih ALLAH
 inggih ALLAH ingkang setya tuhu
 netepi sedaya bab prekawis
 lelampahaning bangsa
 sabangsa Israel
ing rikala jamaning nabi Musa
 ngantos ing wekdal samangke
sami sampun kalampahan

Ayat 8 – 9

8. PADUKA
mugi ngengetana
ing sabda PADUKA
 ingkang sampun PADUKA dhawuhaken
dhumateng abdi PADUKA
 Musa wau,
inggih punika :
 “Manawa sira padha laku nasar,
sira bakal padha SUNsebar
ana ing antarane para bangsa.

9. Nanging manawa
 padha mratobat marang INGSUN
sarta netepi lan nglakoni
ing pepakeningSUN,
sanadyan wong panunggalinira iku
padha anaa ing poncoting langit,
mesthi padha SUNKlumpukake
saka ing kono
 lan SUNgawa menyang
ing panggonan kang wus SUNpiji
 kanggo padununganing asmaningSUN”


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Rumaosing manah kita
 ugi sami kados dene Nehemya
ingkang saestu nggegilut
saben dhawuh pangandikanipun ALLAH,
nliti lan mriksani
sadaya bab kawontenaning gesang
 sabangsa-
sapatunggilan
bilih ALLAH sampun ngluwari
sadaya bab prekawis
ingkang tinempuh
dumateng brayat agung Israel.
 Israel kaparingan luwar
 saking paukuman
lan sami saged wangsul
dumateng tlatah nagarinipun

Nehemya
tetep ndendonga
kangge bangsanipun
 makaten ugi kangge paprentahaning
Prabu Artahsasta
 ing pundi Nehemya kapundut dados
abdinipun Sang Prabu punika.

Nehemya ndedonga
 kanggening Sang Prabu
supados manahipun paring piwelas
bab kawontenan ingkang kasanggi
 dening para umat
sabangsa Israel

Ayat 11

Dhuh GUSTI ALLAH,
 talingan PADUKA
mugi nilingna
 dhateng pandonganipun abdi PADUKA
saha pandonganipun para kawula PADUKA
 ingkang kanthi eklasing manah
 ngabekti dhateng asma PADUKA,
saha abdi PADUKA
mugi PADUKA angsalna damel
ing dinten punika
saha manggiha
 sihpiwelasipun tiyang punika”


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Rumaosing manah kita
 menapa kita sami kaliyan Nehemya
 ingkang saweg mbiyantoni
 bab pambangunaning balowarti –
bebenteng-
papan pangibadah
saha gapuraning Yerusalem

Nehemya ugi ndendonga
kangge usaha-usahanipun :
mugi ing dinten menika
nampeni berkah sih piwelasipun ALLAH
 lajeng dinten menika ugi
saged angsal damel
lan kaparingan sih piwelasing
Prabu  Artahsasta


Saestu para sadherek
bilih kita waos
ing bab salajengipun
 bab 2

Nehemya sami kautus
dening Sang Prabu Artahsasta
tindak Yerusalem
lan ugi nampeni
sawerning pambyatoning Sang Prabu Artahsasta
kangge pambangunaning Yerusalem

Iba bingahipun
 para sadherek
ing dinten pacawisan
lan ing sakedap malih
 kita ndherekaken Pambujanan Suci
 kita ngengeti
piwelasing ALLAH
Sih katresnaning ALLAH
lan ugi pambangun turuting
sadaya warganing pasamuwan
 ingkang saweg kabangun
ing iman lan kapitadosanipun

Ugi GUSTI mesthi
badhe paring margi
anggen kita badhe ngrehab
gedung pamujanan-
greja kita menika
mugi GUSTI
paring berkah
lumantar pandonga
saha panyambut damel kita sadaya
 ing dinten-dinten
 ingkang badhe kita alami
sesarengan
 kanthi makaten
 kita ugi saged urun pambyantu
 kanggening pambangunaning greja kita,
 sacara fisik
makaten malih ing tata cara
iman kapitadosan

kita nyenyuwun
 mugi GUSTI
mbangun gesang kita sadaya
 warganing Pasamuwan


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Pambangun turuting kita
dumateng ALLAH
saged katiti priksa
saking sapinten agenging kita
 ndherek makempal
 memuji
 ngluhuraken ALLAH
 ing saben-saben kegiatan pangibadah
lan sanes-sanesipun

Pambyantu
panyengkuyunging
para warganing Pasamuwan
sami dados wujuding pambangunan
sacara rohani

Sumangga kita kempalaken
sadaya daya,
dana,
pamikiran
 lan sanes-sanesipun
kagem pambangunaning papan pangibadah-
grejaning ALLAH
ing Suwaru

Mugi GUSTI
tansah rawuh paring dhawuh pangandika
lan nenuntun
lelampahaning kegiatan
 rehab gedung greja kita menika

Swawi kita ndherekaken
Bujana Suci Pembangunan GKJW
 kita ugi nyawisaken dhiri
 supadosa kita ugi sami s
aged anyengkuyung pambangunan
 ingkang saweg badhe katindakaken

Mugi GUSTI  ALLAH 
amberkahi kasanggupan
 lan panyengkuyung kita
 lumatar gesang, brayat lan sadapa pakaryan kita
Mugi kabangunna grejaning ALLAH ing GKJW

AMIN















  1. Votum / Berkat
  2. KPK 26  :  1, 2, 3   Puji panuwun

  1. Pandonga
  2. KPK  195  : 1, 2, 3   Isining Kitab Suci
Maos Kitab Suci :  NEHEMYA  1 : 1 – 11

KPK   137  : 1, 2  Kang langgeng sihe ALLAH
  1. Kotbah ….

  1. Doa syafaat

  1. KPK   325  : 1   Kangen mring GUSTI
  2. Berkat










Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami