Senin, 12 April 2010

TANGGEL JAWAB LAN KUWAJIBAN CAOS PISUSUNG


Kamis, 30 Oktober 2003






TANGGEL  JAWAB
 LAN  KUWAJIBAN 
CAOS  PISUSUNG





II  KORINTUS  9  :  6  -  9





Para sadherak patunggilaning KRW …
ingkang GUSTI  YESUS tresnani

Wonten pitakenan ingkang makaten  :

1.    Apa ta gunane misusungaken bandha ndonya kita kagem GUSTI ?
2.    Apa GUSTI ngarsakake kabeh kagungan kita
sanajan kita wus saos syukur ing pamisungsung ?
3.    Kita menapa rumaos kaparingan kabegjan kacekapan ?


GUSTI  YESUS
lumantar abdinipun Paulus
ngengetaken dumateng kita
 bilih saos pisusung menika
 awujud sesambetan kita
kaliyan kahanan
 ingkang luber
 ing karohanen
 utawi ing kekayaan donya brana

Ayat 6 :
 Iki gatekna :
Wong nyebar satitik
 bakal ngeneni sathitik,
lan wong kang nyebar akeh
bakal ngeneni akeh

Sapunika
para sadherek patunggilan
Karana GUSTI nresnani kita,
kita mboten badhe kakirangan,
 kita tiyang miskin,
kita tiyang kacingkrangan
 punapa malih papa
 ing darbek kita

menika kaetang ing pandamel sae
 bilih wonten  sadherek sanes
 paring kaluberanipun
dumateng sesaminipun
 ingkang saweg kakirangan

GUSTI paring pangandika :

Sapa kang paring paweweh
 marang sadulure
kang kakurangan iku
 wus mitulungi aku

Makaten para sadherek patunggilaning KRW …
GUSTI mirsani
punapa kang kita tindakaken
bilih kita nyebar kasaenan
ugi badhe ngunduh woh kabecikan
 ing SANG  KRISTUS  YESUS

Kita samangke
 kedah rumaos
 bilih ing pasamuan kathah
kabetahanipun,
kados dene bab pambengunan pastori,
greja enggal,
greja ing pepanthan ingkang badhe ‘karehab’


Punapa sadherek patunggilan
 kang kacingkrangan
 ing gesangipun
lan maneka warni prekawis
 kang kedah kita pikul sesarengan;
 Contohnipun
kangge nyengkuyung pasamuan alit sanesipun



Sadherek patunggilan KRW…
GUSTI menika
asih ing karsa mitulungi
dumateng kita
lumantar sesaosan syukur kita
dumateng GUSTI

 lulut manut ing piwucalipun
ing Kitab Suci,
bilih kita sanes tiyang kang ngupadi jagad saisinipun
 ananging ngupadi karsanipun GUSTI  YESUS,
SANG  RAMA 
tuwin SANG  ROH  SUCI



Para sadherek patunggilaning SANG  KRISTUS
ing KRW …
Kita kedah tenggel jawab
 bab misungusungaken darbek kita
 ing tengah-tengahing pangibadah,
ing tengah-tengahing persekutuan / pakempalan
para kagunganipun GUSTI



Para sadherek
 ing wekdal samangke
kita nyumurupi
kathah yatra darbek kita
 kauluraken ing gesang kita,
kangge mbyantu pasamuan ing pundi kita mangabekti,
 kauluraken kangge pasamuan sanesipun,
kauluraken kangge sadherek
 kang ngalami pacoben,
bencana alam
lan sanes-sanesipun,
ugi kangge sadherek kita
 ing KRW ingkang saweg mbetahaken pitulungan



Para sadherek,
 GUSTI kagungan karsa
sadaya,
mboten saperangan gesang kita,
ananging sadayanipun
 anamung kagem kaluhuranipun SANG  KRISTUS  YESUS

Kita kaengetaken,
samangsa bilih gesang kita
 sesambetan kaliyan kapitadosan kita
 dumateng KRISTUS  YESUS

Sapindhah  :
Raos tanggel jawab
ngempalaken pisusung
kangge pelados lan peladosaning sadherek
 ing satengahing pasamuan 
(  I KORINTUS  9 : 9 – 14 )

Kaping kalihipun  :
 Rahayu tiyang
kang ngempalaken pisusumg
 kanthi loma lan sukalila
 ( II KORINTUS  9  :  7  -  9 )

Kaping tigangipun  :
Sinten malih kang rahayu
 ing sesaosan punika ?
Kejawi kita,
sasedherek
nggih GUSTI  YESUS  PRIBADI  
( PARA  RASUL  20  :  35 )

“Tumprap ing sadhengah prakara
aku wus aweh tuladha
marang kowe,
 yen wong padha kawajiban nyambut gawe
 mangkono kagawe mbyantu wong-wong
 kang sekeng
sarta kudu eling marang pangandikane GUSTI  YESUS,
sabab PANJENENGANe piyambak
 wis ngandika :
“Rahayu wong weweh katimbang kang nampani”

MATIUS  25  :  40
Sang Nata bakal paring wangsulan  :
Satemene pitutur INGSUN
marang sira  :
Samubarang kabeh kang sira tindakake
 kanggo salah sawijining sadulur INGSUN
 kang asor dhewe iki,
iku iya sira tindakake kagem INGSUN



Para sadherek patunggilaning KRW…
GUSTI
 ing mriki paring dhawuh-
 II KORINTUS  8  : 9
lumantar Rasul Paulus :

Marga kowe wus padha sumurup
 marang sih rahmate GUSTI kita
YESUS  KRISTUS
yaiku manawa PANJENENGANe
 kang amarga saka kowe
 dadi mlarat
sanadyan PANJENENGANe iku sugih
supaya kowe dadia sugih
marga kamlaratane



Sadherek patunggilan KRW …
Samangke
kita kedah ngraos-ngraosaken
 bab misusung menika,
supados tuwuh pangertosan
tuwin tanggel jawab kita
dumateng GUSTI  PRIBADI



Para sadherek
GUSTI mboten badhe ngirangi
kabingahan kita
bilih kita asung mawarni-warni pisusung,
kados pisusung minggu,
pisusung bulanan,
pisusung khusus / mirunggan,
pisusung pambangunan,
pisusung undhuh-undhuh,
pisusung sanes-sanesipun
kita
dumateng tiyang sanes
ugi saestu njalari
sesambetan kita kaliyan ALLAH
nyata ing gesang pigesangan kita


AMIN








Pamuji  KPK 57  : 1, 2, 4
Berkah

Pamuji  KPK  65  : 1
Pamuji  KPK 77  : 1, 2, 3
Pandonga

Pamaosing Kitab Suci  :  II KORINTUS  9  :  6  -  9
RENUNGAN ….

Pamuji  KPK  73  : 1
Pandonga Syafaat
&
Berkah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami