Senin, 12 April 2010

NYISIHAKEN LAN NYIMPEN


Kamis, 29 Januari 2004




NYISIHAKEN   LAN   NYIMPEN






I  KORINTA  16  : 1 – 4


2

Ing dina kapisan
ing saben minggu,
sawijini-wijining panunggalanmu--
adhedhasar apa kang padha kok tampa--
padha nisihna sawatara
lan simpenen ana ing omah,
supaya anggonmu padha nglumpukake iku
aja nganti lagi kok tindakake
samangsa aku teka

Pada hari pertama
dari tiap-tiap minggu
hendaklah kamu masing-masing—
sesuai dengan apa yang kamu peroleh—
menyisihkan sesuatu dan menyimpannya di rumah,
supaya jangan pengumpulan itu baru diadakan,
 kalau aku datang.







ALLAH rawuh
kita mangertos
bilih ALLAH badhe rawuh malih
 ingkang kaping kalihipun

Ananging kita
 para sadherek
saestu asring mboten sumurup lan nyumuripi bilih GUSTI  YESUS sampun rawuh
 ing gesang kita,
satunggal-satunggalipun :
 mitulungi,
saos kacekapan,
saos kasagedan
saos sadaya kabetahan,
saos kahanan kang sampurnan


Kita para sadherek
 Kaengetaken
 bilih tiyang gesang
 kedah cekap ing bandha ndonya-
brana lan kasagedan
ingkang maedahi

Kita saestu kaparingan
sadaya kasagedan
 ingkang GUSTI paringaken
 lumantar gesang kita.

Saestu GUSTI  YESUS  nampi
sadaya sampurnaning gesang kasisahan, kasekengan
lan kahanan kang nrenyuhaken
sadaya sok tiyang


Saestu para sadherek
sanes kita malih ingkang ngluwari kawontenan ingkang susah,
sulaya,
sesakit,
sesambatan
lan kahanan kang nrenyuhaken manah

GUSTI  YESUS
bilih kagungan karsa
Karsanipun saestu badhe kalampahan
Sadaya sok tiyang pracaya,
GUSTI sinalib,
seda,
 gesang-
 kawontenanipun nelangsakaken manah batosing para pitados
ing wekdal jamanipun GUSTI makarya
 ing jagad

GUSTI
para sadherek
 inggih GUSTI ingkang kasrakatan
 ing satengahing jagad

Kita ugi
asring kawucal
kedah ngicipi salibing SANG  KRISTUS

Jagad saestu
 mboten badhe maringi kahanan
 ingkang saestu nrenyuhaken,
kakirangan
 lan sanes-sanesipun

Jagad ‘promosi’ kasenengan,
 kemewahan,
keadaan sok
dalasan kacekapan

ALLAH rawuh, paring dhawuh :
“Sapa pracaya”
ya sok sintena,
tiyang kang nampi sabda pangandika
 lan nindakaken

Gesang kita para sadherek
sanes kita malih
ananging GUSTI  YESUS
 ingkang ngreksa gesang kita


Para sadherek
Umur,
kasagedan,
kacekapan
 lan sanes-sanesipun
punapa saged dipun padosi ?

Sadaya menika
berkahing ALLAH
sadaya peparingipun ALLAH

Punapa kita saestu pitados,
 GUSTI mberkahi kita ?
Mangka kita ndendonga
saben wekdal nyuwun lan nyuwun !

GUSTI-GUSTI kula asesambat dumateng PADUKA

Kawontenan punapa kemawon
 kawula lampahi
salangkungipun
 kawula pasrah sumendhe
dumateng PADUKA

Tamtunipun
kita saestu betah
ngraosaken salibing SANG  KRISTUS,
gesang rekasa nanging katunggil
dening SANG  KRSISTUS

Randha ing waosan
 ingkang kita mangertosi  :
Paring pisungsung agung
 ing ngarsanipun SANG  KRISTUS-
 ALLAH

Mboten nggetuni
ing tumindakipun
 mangka sadaya kapasrahaken
“Aku mengko nganggo apa,
nyandang apa,
 mangan apa”
 lan sanes-sanesipun….

GUSTI  YESUS ugi lumantar Rasul Paulus nyerat ing kiriman
 seratan dumateng pasamuan Korinta  :
 ayat 1  -  4 kalawau

Sapindhah,
kakarsakaken  :
Kita nuladha nglola kasagedan,
nyisihaken yatra,
 bandha kangge pisungusung

Kaping kalih;
Nyisihaken-
mboten wonten perangan
 “iki usahaku,
aku ora masrahake
ing pasmuanipun GUSTI”

Ananging  :
 Nyisihaken saperangan berkahipun ALLAH, nggih gesang kita sadaya

Kaping tiga;
 Kita kaenggalaken
ing pangajeng-ajeng
bilih kapan aku sowan
 ing ngarsanipun GUSTI
kanthi pamisungsung arum gandhanipun

Menawi kita ngempalaken pisungsung
arum gandhanipun-
ananging GUSTI
sampun rawuh

Kasep kahananipun
“yen aku teka,
aja mulai nglumpukake,
nyelengi,
nyisihake”

Rasul Paulus
 ing basa samangke
mbokmenawi makaten :
Ing kono mengko
 bareng aku sadulur kita liyane
 masrahake pamisusung ing Yerusalem

Kaping sekawan,
Para sadherek :
Kita punapa getun
 bilih nyisihaken kagem pasamuanipun ALLAH ing … ngriki,
nggih ing pasamuan sanes
ingkang mbetahaken,
nggih ing patunggilaning SANG  KRISTUS sanesipun

Kita mesthi mboten getun,
awit kita sampun
 kaparingan berkah

Saestu,
 kapan malih kita mikiraken lan nyimpen
 lan ngaturaken
kagem GUSTI  YESUS

Sadaya kagungan kita badhe katilar
 ing wekdalipun mangke,
sadaya gesang kita kapasrahaken

Aku dudu saka jagad,
mula aku bakal bali menyang omahku…
Punapa kita ugi kagungan pamanggih makaten ?

Rahayu sok tiyang,
 nggih kita ingkang saged nyimpen
 lan nyaosaken
kagem pakaryaning ALLAH

Aku wus diparingi,
aku nyisihake lan nyimpen
ing wektune
dhak pasrahake

Sumangga
 kita sinau
saged nggantungaken gesang,
pasrah-
cekap, kirang
lan sanes-sanesipun
 kawontenan
dumateng GUSTI  YESUS


AMIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami