Minggu, 11 April 2010

DADOS MURID INGKANG SAESTU BERHASIL


Kamis,  29 September  2005





DADOS  MURID 
INGKANG  SAESTU  BERHASIL
( MENJADI  MURID  YANG  BERHASIL )




YOHANES  2  :  23  -  25  


24
Ananging
GUSTI  YESUS piyambak
 ora nganggep
marang pracayaning wong-wong iku mau,
amarga kabeh wus diunginani

( Tetapi YESUS sendiri
tidak mempercayakan diri-NYA
kepada mereka,
karena Ia mengenal mereka semua )





Para sadherek kekasihing ALLAH
 ingkang tansah nresnani
tuwin dipun tresnani
dening GUSTI  YESUS

Panjenengan
punapa rumaos
 bilih samangke sajatosipun
 kita sami dados muridipun GUSTI  YESUS, nanging
mboten kados dene
para sakhabat ing wekdal kapengker
 gesang sesrawungan
 sacara badan wadaq
 kaliyan GUSTI  YESUS
 ing Yerusalem lan ing tanah Israel
 kala semanten


Para sadherek
patunggilaning SANG  KRISTUS
Panjenengan
nggadahi pepenginan menapa
ing gesang menika
 rikala sampun ngakeni pitados
utawi angkat sidhi
 sacara pribadi
ing ngarsanipun GUSTI
kaseksenan dening para sadherek sapatunggilan
 kanthi ngucap sahadat 12 /
 Pengakuan Iman Rasuli


Para sadherek,
 kita menika sami pados
 pananggeling gesang ;
“Siapa dapat
mempertanggungjawabkan hidup kita kelak di masa yang akan datang”

Juru wilujenging gesang
 ing dinten samangke
rikala kita gesang magesang
 ing jagad tuwin
mbenjing ing tembe
kita tilar ndonya.

 Utawi saweg kita manggihi gesang
 ingkang mboten nyekecakaken
 utawi saweg ngalami karibedan
sadengah prekawis :
Kita saged mlajeng
dumateng pananggel jawabing gesang kita, nggih GUSTI  YESUS,
JURU  WILUJENG gesang


Para sadherek
 patunggilan SANG  KRISTUS
Punapa panjenengan
 mangertosi bilih
panjenengan nggadahi pepenginan
 ingkang langkung adi malih
ing gesang tembe kita tilar ndonya ?

“Sesudah kita meninggal dunia
apakah kita ada keinginan
 yang sejelas-jelasnya
 ke mana kita akan pergi
dan apa yang akan kita alami ? “


Para sadherek
GUSTI paring mujizat
 mawarni warni
 karana GUSTI  YESUS
ngetingalaken kanthi jelas-
cetha
bilih GUSTI  YESUS 
nggadahi panguaos

“TUHAN  YESUS
 telah menjelaskan
dengan jelas
 bahwa IA adalah
TUHAN  ALLAH
yang berkuasa di bumi
dan di surga

Mujizat-mujizat
 yang mengherankan
telah dilakukan
diantara para murid
 di tengah-tengah masyarakat Yahudi
 kala itu


Makaten para sadherek,
 anggenipun GUSTI  YESUS paring piwucal ngenani / “mengenai bab”  prekawis
 gesang nunggil pitados
ing pangrehing ALLAH
 kang maha kuwaos,
nggih ing SANG  KRISTUS  YESUS- RATUNING  JAGAD
 lan RATUNING KAMULYAN langgeng


Para sadherek,
kita sami kapirsanan
ing pamikir kita,
ing tindak tanduk kita
punapa saestu pitados
punapa mboten,
nggih GUSTI  YESUS
mirsani sadayanipun


Para sadherek
kita waos malih ing ayat 24  :

Ananging GUSTI  YESUS piyambak
ora nganggep marang pracayaning wong-wong iku mau,
 amarga kabeh wus diunginani

( Tetapi YESUS sendiri
tidak mempercayakan diri-NYA
 kepada mereka,
karena Ia mengenal mereka semua )

Para sadherek
 kita sapatunggilaning SANG  KRISTUS

Para sadherek
kita menika saestu kapirsanan
dening GUSTI
punapa kita saestu dados pandherek
nggih dados murid-muridipun
 GUSTI  YESUS
ing jaman samangke
 kanthi saestu ngakeni pitados
 ing tutuk / lambe tumus ing batos

Punapa kita
 anamung ngakeni pitados ing tutuk / lambe kemawon

GUSTI  YESUS sapindah malih,
 para sadherek
nyumurupi kawontenan kita
pribadi mbaka pribadi

Milanipun para saderek
 kita samangke sageda nyenyinau :
dados muridipun GUSTI  YESUS
 ingkang berhasil

“Bagaimana
untuk menjadi murid TUHAN
yang berhasil

Tamtunipun,
para sadeherek.
 Kita kedah purun ngudi-
berusaha
nglampahi sadengah prekawis
 ingkang condong kaliyan
 gesang ingkang GUSTI  YESUS karsakaken


Para sadherek sapatunggilan
Pundi ingkang leres
nderek GUSTI  YESUS
namung kangge ngudi,
 “mencari”
 berkah-berkahipun kemawon

Utawi kita ngurbanaken panebusing dosa namung kangge
kapentingan diri pribadi

“SANG  KRISTUS
atau pihak lain
dalam kehidupan ini
 kita kalahkan dan kita korbankan.

 Hanya berkat-berkat ALLAH
dan mujizat-mujizat ALLAH
dan keuntungan-keuntungan lainnya
 yang kita maui
tanpa mau mengalami perjuangan
yang penuh kesengsaraan
untuk mencapai suatu kemenangan”

“Berkatnya mau
tetapi kesulitannya tidak mau”


Menika,
para sadherek.
Kathah-kathanipun
 “Banyak kerumunan orang
 yang mengikuti TUHAN  YESUS,
TUHAN YESUS tahu alasannya
 mengapa mereka percaya-
karena hanya menginginkan
berkat dan mujizatnya saja
tetapi setelah ditebus dosanya
 kebanyakan orang
 tidak mau jadi pemenang
dengan usaha pengorbanan diri sendiri
 secara pribadi

Hanya karena
 kepentingan diri pribadi
 mereka mengikuti TUHAN.
TUHAN  YESUS
telah dikorbankan
demi kepentingan diri”


Para sedherek
 Punika salah satunggalipun conto
murid ingkang mboten berhasil :
 GUSTI  mirsani.

Salajengipun
GUSTI  YESUS mboten nganggep
 marang pracayaning murid
 ingkang makaten.
GUSTI  YESUS
ngersakaken kita
 para muridipun sasagedipun
 nampeni berkah
kanthi dados pemenang
ingkang mboten ngurbanaken
tiyang sanes,
langkung-langkung
ngurbanaken GUSTI YESUS
ingkang sampun nebus dosa kita

Ingkang kaping kalih
kita sageda dados
 murid ingkang berhasil
menawi kanthi lulus ujianing GUSTI  ALLAH kados dene
prajuriting Gidion
 kang pinilih 300 tyang
saking 10.000 tyang
kangge “memenangkan pertempuran”

GUSTI kagungan karsa
nguji kita para muridipun
punapa kita ngendelaken
kakiyatan kita,
yatra-
kasugihan kita,
kalenggahan lan kaurmatan,
 popularitas lan sanes-sanesipun
 ingkang langkung nglangkungi
 kaimanan kita
dumateng GUSTI ALLAH

GUSTI
 mboten ngersakaken kita
ingkang lulus ujianing ALLAH-
dados sombong
lan kecalan ing kapitadosan
dumateng GUSTI  YESUS


Para sadherek patunggilan
Murid ingkang berhasil (3) :
 Mboten gampil kapencut
 gumebyaripun jagad,
mboten gampil kapusan 
sanajan jagad menda-menda / mada rupa- “mengambil bentuk rupa
 yang mirip sama dengan ajaran KRISTUS”

nanging
pungkasanipun njiret
lan ndadosaken kita
pejah langgeng
utawi dumawah ing dosa

GUSTI paring pepenget
 dumateng para muridipun
supados mboten mentingaken jagad
ingkang ketingalipun wajar-
 biasa-siasa kawontenaipun
mboten ndadosaken
 pepengetipun GUSTI

 LUKAS  21  :  34 

 Padha jaganen
awakmu dhewe,
atimu aja nganti kabotan
dening pista gedhen lan mendem,
tuwin dening kasusahaning ngaurip
sarta supaya
Dinaning PANGERAN mau
aja nganti tumempuh marang kowe
kalawan dadakan kaya dene kalajiret

( Jagalah dirimu,
 supaya hatimu jangan
 sarat oleh pesta pora
dan kemabukan
serta kepentingan-kepentingan duniawi
 dan supaya hari TUHAN
jangan dengan tiba-tiba
jatuh ke atas dirimu
seperti suatu jerat

Para sadherek
 kita kaparingan kunci ka-4
supados
dados pundi saged dados murid
ingkang berhasil,
 nggih menika :
 Kita saged nggadahi pamikir
 ingkang berpusat
kepada hal-hal yang kekal
 dan yang rohani

Kados dene karet gelang
ingkang tansah molor
lan tansah wangsul malih
 dumateng pusat punjeripun
 saking pundi asale

Gesang kita
saged molor-
tegang
karana perkawis-perkawis
ingkang nemahi
ing gesang punika

Nanging sasaged-sagedipun
kita mboten tetep
ing prekawis-prekawis jagad kalawau;
Kita kedah enggal-enggal wangsul malih
 ing pepangkoning SANG  KRISTUS
 ing bab kekekalan lan karohanen,
 keimanan


Para sadherek sapatunggilan,
syarat lan kunci
 ingkang kaping 5,
 kita raosaken II TIMOTIUS  2  :  15

Udinen,
 supaya kowe pantes
 ana ing ngarsaning ALLAH
 anggonmu dadi juru leladi
kang ora usah isin,
 kang ngundangake pangandikaning kayekten
iku kalawan tanpa tendeng aling-aling

 ( Usahakanlah
supaya engkau layak di hadapan Allah
sebagai seorang pekerja
 yang tidak usah malu,
yang berterus terang
memberitakan perkataan kebenaran itu. )


Para sadherek
 salajengipun
kita ingkang dados muridipun
 GUSTI  YESUS
kedah tansah berusaha
 ngudi-
dadosa rajin,
sregep nyambut damel
ngabaraken bab karahayon
tumprap tiyang sanes
 lan nggondeli
peparing karahayon-
peparingipun GUSTI


Para sadherek
kita sageda dados
murid ingkang berhasil
 lumebet ing kratoning ALLAH
ing Swarga
 ing tembe mbenjang
kita katimbalan-
 tilar ndonya


Makaten para sadherek,
 kita sageda dados
 pandherekipun GUSTI
 ing karsanipun GUSTI  YESUS  :
 kita dadosa
murid ingkang saged
dipercaya dening ALLAH


AMIN







1.      Votum/Berkat
  1. Pamuji KPK  6 : 1   Pamuji ing pangibadah
  2. Ndedonga :

4.      Pembacaan Alkitab : YOHANES  2  :  23 - 25
5.      KOTBAH / Renungan…..

  1. Pamuji KPK 137  :  1   Lang langgeng sihing ALLAH
  2. Doa syafaat :
  3. Memuji KPK 132 : 1, 2, 4 Kabegjaning tyang Kristen
  4. Berkat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami