Rabu, 10 Maret 2010

SABDA BAB PASITEN


Rabu, 24 September 2008

SABDA  
 BAB  PASITEN

 
YEHESKIEL  36  :  33  -  36


34
Tanah kang wus sewe bera,
 bakal kagarap maneh,
supaya aja tetep bera
ana ing ngarepe sakehing wong
kang liwat ing kono





Patunggilan
 ing dalu samangke
 kita pinanggih
mboten karana rancanganipun saderek
ingkang kagawok njlentrehaken jadwal
 pembagian tugas
ananging
 karana GUSTI  ALLAH  PRIBADI
ingkang kagungan karsa
tumprap gesang kita

awit dene 
kita ing wekdal samangke
 saged 
sami pinanggihan malih


Patunggilan
ing dhawuh pangandika
 bab siti lan pasiten menika
sarana pasemon
tumpraping gesang kekeristenan
 ingkang saweg wekdal
 samangke
sami kita alami



Sadherek sapatunggilan
siti
utawi 
lemah
punika dados sarana
 tuwuh gesanging tetuwuhan
lan 
sato kewan
ugi
manungsa
 ing salumahing bumi


Patunggilan 
ingkang kinasih
ALLAH karsa
supados 
kita dados
siti lan pasiten
ingkang subur
mawur
kanggening gesang
 pigesanganing tetuwuhan
lan
nyumrambah dumateng sadaya
sato kewan 
lan ugi
 manungsa
ingkang saweg gesang

Makaten
 para saderek
sadaya bab
 prekawis
 ing jagad samangke

 kados-kados
mboten saged
 tumindak kanthi sae
bilih mboten wonten
 pangrimatan
 lan 
ugi
 panggulawentahing gesang
 pigesanganipun

Pundi
 ingkang sami katanem
mestinipun
ugi karimat
 kanthi sae
kanthi punapa kemawon
rekaosing gesang
tumindak kita

Mboten sae
 bilih
 kasaenan punika 
saged wuwuh
lan
tambah ngrembaka
 bilih sami katilar
 dening tangan – tangan pangrimat

Saben tiyang
nggadahi tanggung jawab
ngrimati
 samukawis “alam semesta” punika
ing lingkunganipun
 piyambak-piyambak

Ingkang lare alit
kaaturan sinau
 bab lingkungan
 lan
 gesanging “makhluk hidup”

Pancen sedaya
 kedah nyumurupi 
gesanging  “makhluk hidup” punika
 saged sae
 …
bilih “alam sekitar” kita
ugi kawangun
kanthi tata
 lan 
sampurna
 kados dene kabetahaning 
siti-
palemahan 
kalawau


Patunggilan
sami kaliyan kita
ugi kaudi
supados nyenyinau
 bab prekawising bangsa Israel
 ingkang sami kapirsanan
dening ALLAH
 sae
lan
 mboten saening gesang 
pigesanganipun
 sadaya
 sisik melikipun
 GUSTI
 mangertos lan mirsani

Kalampahan
 …
 ing wekdal samanten
bangsa Israel
kabangun malih 
dening ALLAH
gesanging bangsa 
lan
gesanging pasamuaning ALLAH
ing wekdal semanten
kawangun malih

Reruntuhaning gesang
amburaduling urip
 sembrananing urip
 lan
urip
 kang  nganggep enteng
bab samukawis
ingkang  gegayutan kaliyan  urip
 ing jaman samangke punika

sami sampun
  ndadosaken bangsa Israel
susut 
ing kasetyaning dumateng ALLAH

Pancen ewet 
lumampah
manut miturut 
saben dhawuh pangandika


Patunggilan
ALLAH ngresakaken
gesanging bangsa Israel
sami sageda
 “berubah
 menjadi lebih baik
dan
 sama seperti Israel
yang dahulu
kitika
 pertama kali dipanggil"

"Dipanggil
untuk menjadi umat pilihan
umat sengkeraning ALLAH"

Kamulyaning ALLAH
 sami kedadosan
ing gesanging bangsa Israel

Mujijat kasaenan 
 lan
tentrem raharjaning negari
kaliyan 
sadaya masyarakat
sabangsa Israel
badhe
 kalampahan bilih
 ngalami
perubahan-perubahaning
 gesang pigesangan

Ing swaune nilar GUSTI
kedah wangsul malih
mareg sowan
 madhep masrahaken gesang sawetah
ing pepangkoning ALLAH

Nilar 
sadaya dosa kesalahan
ing tembe kapengker


Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening GUSTI
 sadaya bab prekawis punika
kajlentrehaken 
dening nabi Yehezkiel
abdining ALLAH
 lumantar piwucal
bab pasemon
lan
 gambaran 
siti lan pasiten

'Tanah',
lemah,
siti
punika arahanipun
nggih kita
 sasederek
 ing Israel
 kala kapengker

kedah 
kagemburaken
 kabrujul
kaolah 
lan
 kareksa
kanthi sae
 mboten karisak dene wektu
 ing mangsa
mboten karimat
 lan
 mboten kaolah
 kangge ngedalaken
 woh-wohan
 tetaneman
punapa ingkang sae
 katanem lan saged 
ngedalaken woh ?


Patunggilan
GUSTI ALLAH 
paring piwucal
dumateng kita
 sadaya
kedahipun 
gesang menika
mboten anamung gesang
 ingkang sembrono
mboten ngegungaken 
sadaya bab prekawis :
 rohani lan jasmani
 inggih punika 
sarananing pigesangan
ing satengahing jagad


Patunggilan
Bilih bangsa Israel sami sampun badhe
kauwalaken saking pembuanganing-
perbudakan
Lan kawangsulaken malih
dumateng nagri
tanah tumpah rahipun



ALLAH
paring dhawuh
dumateng kita :
 amargi
 kita
sami
kaliyan Israel
 ingkang sampun tebih lan nebih
saking tanah tumpah rahipun

Siti lan pasiten
 punika sami dados bongkor-
bera
risak
“gersang”
“tandus”
mboten ngedalaken tetaneman
ingkang mbingahaken

Saestu para saderek
langkung prayogi 
bilih ALLAH
mundhut carios
gambaran pasiten
ingkang gampil kamangertosan
dening bangsa –
sabangsa Israel

Pancen 
wekdal semanten
 Tanah

 nagarinipun katilar dangu
ing pambuangan
sadaya
 sampun sami risak lan bongkor
samangke kedah kabangun malih,
kaenggalaken
ing pangrimatan lan pangreksa
supados
 sami wangsul kasawang sae malih
bilih wontena tyang ngaturi pirsa
 ..

lemahe sapa sing bongkor iku ?
Sapa sing nduweni lemah iku ?
 kok ora ngrumati
kadya limrahing tyang
ingkang nggadah siti-
palemahan


Patunggilan
 tanah,
siti
ingkang sae
 pancen sami karimat
lan
saged ngedalaken wohing
 tetaneman
 ingkang migunani
 ing gesang pigesangan

ALLAH
sami rawuh
ing gesang pigesangan kita
 ing wanci dalu samangke
 …
 kangge ndandosi gesang kita
ingkang kagambaraken
kados siti-siti,
 palemahan
ingkang saestu bongkor lan risak

Palemahaning ati kita
kados siti palemahaning nagri Israel
ingkang katilar dangu
 ing tanah pambuangan –
perbudakan

Sami
 bilih kita
 saestu mboten ngrimati
 batos manah 
kita 
piyambak-piyambak
kanthi sujud sumuyud 
dumateng ALLAH

Sujud sumuyud
 ing gesang punika
 nggambaraken
 bilih 
kita sami ngolah 


lan
 ngreksa  pasiten
ingkang saweg kita tilar
 kangge bab-bab prekawis sanes-sanesipun
ing gesang pigesangan punika

Bab pasiten
ingkang ugi nggambaraken
 tumpah rahing gesang langgeng
 ing wekdal samangke
 kaengetaken 
dumateng kita
ing tanah-rah 
kaswargan
tumpah darah kita”
sami
 ingkang sampun kacawisaken
 dening ALLAH

Bilih Israel
nggadahi tanah Kanaan 
peparinging ALLAH
kita ugi nggadahi
papan peparinging ALLAH
 nggih menika kaswargan

 kita
 kedah ngrimati lan mbesiki
ngresiki rereged
nyawisi
kangge tuwuhing tetaneman
nggih punika
sadaya dhawuh pangandika
 ingkang sami
 kita pireng 
lan
 kedah
kita lampahi


Saderek sapatunggilan
 kinten-kinten
 sinten nggih 
ingkang sami 
sampun saged
kanthi tulusing manah

 temen-temen
nindakaken 
dhawuh pangandikanipun ALLAH ?

Punika
 kasebat ngrimati pasiten
utawi 
lemah

Sok sintena ingkang mirsa-
ningali gesang kita
mesti badhe kasengsem
 …
iku putrane sapa ?

 kok apik
 ayu-ayu
lan
ngganteng-ngganteng
lan 
manut maneh

Sintena
ingkang mirsani kita
mesthi badhe kawucal
kapengin sami kados mekaten
sami kaliyan kita


Patunggilan
 sarana pasemon
gegambaran kalawau 
kita 
sami saged lumampah
 niti
ngetut
lampah
 gesanging GUSTI  YESUS
ingkang sampun 
paring margi kawilujengan
 ngantos dumugeng 
wekasaning jaman


Rahajeng kita sasederek
ingkang mireng 
lan
 kasengsem
 ing bab pasiten
ingkang bongkor
 lajeng karimatan malih 
lan
saged ngedalkaken woh-wohing gesang
 ingkang prayogi
 tumuju kasaenaning gesang
sesambetan kaliyan GUSTI  ALLAH

Sumangga
kita nindakaken 
sadaya dhawuh pangandika 
karana ALLAH
 sampun sami nyawisi
papan palereman-
perhentian 
dimana kita
 akan berakhir
 untuk selama-lamanya”

Swarga menika
tanah
nagri 
ingkang sae-
 prayogi
kedah kita rimati
ing wekdal samangke
 kita piyambak-piyambak
kedah ngrimati 
siti pasitening
 manah kita

ALLAH sampun mangertos
kados pundi 
anggenipun kita
 nglampahi gesang
 pigesangan
kados dene Israel
 ing kala rumiyin 
sami kapirsanan 
dening ALLAH

Sumangga
 kita wangsul
 ndandosi lan ngrimati
 peparinging ALLAH
 ingkang awujud tanah –
pasitening manah kita





AMIN










   Votum / Berkat
KPK 165  :  1, 2   Jatining katresnan

 Pandonga
 Maos Kitab Suci : 
YEHEZKIEL  36 :  33 - 36


KPK  157  : 1   Nyuwun kalanting ing GUSTI
    Kotbah ….

   KPK   117  : 1  GUSTI  pangen tami
   Doa syafaat

 KPK   154  : 1   Paseksi sayekti 
 Berkat