Rabu, 10 Maret 2010

PARIPURNA ING GESANG NDHEREK ALLAH




MAZMUR  60 : 1  -  14

Patunggilan
 ing wekdal samangke GUSTI  ALLAH
maringi kita dhawuh pangandika
ingkang kaseratan ing kitab 
JABUR / MAZMUR  60

Bab
 katresnan
ingkang ALLAH luberaken dumateng kita
 para timbalan
Karana ALLAH maringi gesang langgeng
ingkang kebak kaunggulan 

Patunggilan
Kita ing wekdal samangke
 kapirsanan awit dene ALLAH
 tansah ngluberaken  sih kasetyaning

 mareka lan manuta
 ing karsaning ALLAH
 karana ALLAH
 langkung nggadahi prakawis
ingkang adi
kanggene kita sapatunggilan

Patunggilan
 iba bingahing kita
bilih tansah wonten ing pangrehipun ALLAH
 sapindah malih
kita kapirsanan dening ALLAH
kangge menapa
 …
kita kedah manut lan nurut 
ing karsanipun ALLAH ?

Kita
 kedah manut nurut
karana ALLAH
sampun nyawisi 
sapangrehing gesang langgeng

Patunggilan
sepindah malih kita kaudi
dadosa kaenggalaken ing gesang pigesangan
 anggen kita nderek tut wingking
 ing paprentahaning ALLAH

Patunggilan
 kita sami mlampah ing margi
 ingkang saestu ewet
mboten gampil
ananging sampun kakawonaken dening ALLAH
GUSTI kita
YESUS

Kraton Swarga 
ingkang sampun sami cumawis
alamatan ing karsanipun ALLAH

Sintena tyang
ingkang manut lan nurut
 ing sakarsanipun ALLAH
mesthi badhe kaparingan papan
 ingkang adi
 ing Swarga


Adi lan saestu mbingahaken
 sami kaliyan para saderek
ingkang sami setya tuhu dumateng GUSTI  YESUS
memuji lan tansah ngluhuraken Asmanipun
salaminipun

Patunggilan
 ing wewaosan kita ing dinten punika
reraosan kita  kaparingan judul 
purnaning gesang
 anggen kita 
ndherek ALLAH

Kita waos isining kitab 
Jabur 60  :  6

PADUKA
sampun maringi umbul-umbul
dhumateng tyang-tyang
ingkang ngabekti
dumateng PADUKA,
minangka pratandha
supados amping-amping
 ngoncati panah.

Patunggilan
gesang punika
 kebak resiko 
lan
 kebak karaguan
ing gesang ndherek nunggil tut wingking
ing karsanipun ALLAH

Samia kaliyan paprangan
 karaguan 
 tansah amping-ampingi gesang kita
saestu 
kita punika gampil oncat
 pindah

keraguan punika saestu
 badhe dados ujian
 ingkang awrat kanggene tiyang
 ingkang sami nindakaken kasetyanipun
dumateng ALLAH

Saestu 
mboten gampil
paprangan punika
 kedahipun kita alami
 ing dinten samangke
ngantos 
ing dinten kemenanganipun ALLAH

Sampun ta kita dados semplah
sanajan kita tinilar ing mitra-
kanca
 kita kedah tetep ndherek
tut wingking
 ing karsanipun ALLAH

Patunggilan
 wonten ta
 tyang ingkang sami wilujeng
ing paprangan
ananging mboten gesang bingah bebingah

Wonten para sadherek
bilih tyang punika asor
 kawon
 ing paparangan 
lan
 kalah 
ing samukawis prakara

piyambakipun mesthi ngalami
paprentahan
 ing 'pendudukan musuh'
 …
 kaenggalaken
 ing gesang
 ingkang mboten nyekecakaken
kados-kados gesang punika
anamung kangge kaluhuraning bangsa
utawi
 tyang ingkang menang
 ing paprangan

Sampun ngantos
 kita kados dene tyang punika
 ngudi kaslametaning gesang
ananging gesangipun
sampun dados gadhahaning mengsah

Sumangga
 kita sami ngalami gesang
 ingkang sembada
anggen kita ndherek ALLAH

Kanggene tyang pitados
bedhahing beteng
 bedhahing kutha
mboten ateges suruting iman kapitadosanipun

Kanggening tyang pitados
 sumunaring srengenge
 ingkang angslup lan peteng,
 gegongjinganing bumi
 ewah-ewahan ingkang ageng
ing samudaya prekawis
 bumi punika dados risak
 lan
ambyor
 ing karisakan ageng


Sintena tyang ingkang gesang
ing nginggilipun bumi
sami awrat rekaos gesangipun
kados tyang ingkang
mabuk  ing kadonyan
 lan
 mabuk ing omben-omben

Pundi ingkang dados godelan kita
ing samangsa prekawis
ingkang sampun kaserat
 ing kitab suci punika
sami kalampahan 
ing akhir jaman


Kanthi makaten
kita ugi sami nyebat ALLAH
sampun sami duka,
mugi PADUKA sami ndandosi kawula,
mugi kawula 
sampun sami PADUKA tampik,
beteng kawula 
sampun PADUKA bedhah,
bumi punika
 sampun PADUKA gonjingaken
 lan
 PADUKA belah
 mugi PADUKA pulihaken malih

 makaten para sadherek
anggen kita tyang pitados
 tansah nresnani ALLAH
tansah ndendonga
 masrahaken kahananing gesang
 ing jaman samangke
bilih kalampahan
 ing gesang punika
(ayat 3-5)

Patunggilan
bilih ALLAH ngresakaken kita
sami ndendonga 
sampun ta kita nyuwun
 lejaring gesang 
lan 
uwal saking kahanan
 ingkang nggegirisi
awit ALLAH
 mboten ngeparengaken kita
lumawan
 ing karsaning ALLAH

Gesang kita anamung
dados rencang dameling ALLAH
 ing saben – saben
 kita lumampah
ing lampahing gesang

Kados pundi
kita saged masrahaken gesang
 ing pandonga
kanthi mboten lumawanan dumateng ALLAH

karana kita asring
 anamung mikir kapentinganing dhiri 
pribadi

ALLAH mesthi mboten negakaken kita
 ing dinten punika
 lan
ing salamining kita ndherek
 tut wingking
 ing karsanipun ALLAH

jer kita
 badhe kaparingan pitulungan
sampun dados kemenangan 
ingkang saestu
 mbingahaken

 karana kita mboten sami
kaliyan tyang – tyang sanes
ingkang ngegungaken tyang-
utawi
  manungsa sanes
anggenipun  nyuwun pitulungan

Tyang punika
 saestu mboten
 ngunggulaken ALLAH
ananging 
ngunggulaken sapepadhanipun

Kita mesthi badhe kaparingan luwar
 saking samukawis prekawis

Patunggilan
gesang kita
 saestu anamung kagunganing ALLAH

Makaryaa
 ing gesang pigesangan kita
 anamung kagem ALLAH

Inggih makaten ugi
kita kagem tyang sanes
 kita dados rencang dameling ALLAH
ing sesrawungan kita
 kaliyan tyang sanes

Lumampahing gesang
ngantos saparipurnaning gesang
anamung wonten
 ing karsa lan karsaning ALLAH

Dinten-dintening ALLAH
 mboten wonten tyang
 ingkang mangertosi

karana punika
 kita kedah tansah tekun
 lan
 tetep ndedonga
masrahaken gesang
 ing karsaning ALLAH
anggen kita lumampah

AMIN