Rabu, 10 Maret 2010

PANGERAN ALLAH YEHUWAH NGERSAKAKEN KITA SAMI TUMUNGKUL LAN PASRAH SAWETAH


Jumat, 17 April 2009



PANGERAN
  ALLAH  YEHUWAH 
 NGERSAKAKEN  KITA  
 SAMI TUMUNGKUL 
  LAN  
PASRAH  SAWETAH


 
MATIUS  18  :  19 – 22
JABUR / MAZMUR  21  :  7




Patunggilan
 ingkang katresnanan 
dening ALLAH

Kita samangke makempal malih
 ing satengahing brayat ageng
ibu ........
ingkang saweg nandang kasisahan
 karana keng putra
nggih saderek kita Bpk .................
 dipun timbali GUSTI wangsul 
dumateng kratoning ALLAH
 ing Swarga

Kita mitadosi
bilih rancanganing ALLAH
 iba mbingahaken
 …
 sanadyan ta kita
 ngalami kasisahan
 mila kita 
tansah mareg sowan
 ngaturken sadaya karingkihan
 lan 
kasekengan kita

Bilih ing wekdal samangke
 Ibu lan para saderek kita
 ing pepanthan
....
sami sisah
 lan
 kecalan
 saderek
 ingkang dipun tresnani
makaten ugi para putra
 bilih ngengeti
 sapinten agenging katresnaning
 Bpk .......almarhum
anggenipun 
mbangun gesang pasedherekan
 lan
 dados tyang sepah
wontening satengahing brayat
makaten ugi 
anggenipun dados anak
kanggenipun tyang sepah


Patunggilan
GUSTI  YESUS
 ngaturi kita
 dhawuh pangandika
 ingkang satuhu
 trep
 kangge kita sami
tyang pitados

Sepindhah,
kita kaatag
sageda nresnani
 dumateng sadherek sanes
 ingkang nggadahi kalepatan
 dumateng kita
 sanadyan ta
 bab punika
sampun ndadosaken gesang kita
 risak,
morat-marit 
lan
semplah


Patunggilan 
ingkang dipun tresnani
 GUSTI  YESUS

 Panglipuran kita
 ing dalu samangke
 sami
 kita alami
karana ALLAH rawuh
saben wekdal
 kita ngaturi PANJENENGANipun

Pinten dangune manungsa urip
 ing alam ndonya
sapindah malih 
…..
 salawase urip
 iku kudune
 anamung kanggo ngluhurake ALLAH

Bab jagad
ora ana watese
ananging 
kawinatesan 
dening ALLAH
sabab kabeh iku
 titahing ALLAH

Samubarang kang kita alami
 sesarengan
mekaten ugi
 ingkang sampun kaalaman
 dening saderek kita
ingkang nembe sowan mareg
 ing ngarsane ALLAH
 ….

 punika
 mboten ngewah-ewahi gesang kita
ingkang kebak katresnan
dumateng sok sintena tyang
ingkang kita tepangi
 ing wekdal samangke
langkung linangkung malih
kita ugi tambah tresna
dumateng sok sintena tyang
ingkang kita tepangi
 sesarengan
 karana ALLAH 
ingkang nggadahi rancangan endah
 tumprap sadaya titahipun
 langkung nyawisi wekdal-wekdal
 ingkang mbingahaken

Kasangsaraning ALLAH
ing ndalem PUTRANING
  GUSTI  YESUS

 sampun kita pengeti sesarengan :
 Riyadin Paskah
 ….
sejatosipun ndadosaken
prekawis
 ingkang nggegirisi
kanggenipun tyang kathah
ingkang ningali kawontenanipun GUSTI
rikala kasiya-siya,
kasiksa,
ningali kasangsaranipun
ngantos dumugi tilar ndonya

Ananging sadaya punika
 sami ndadosaken kabingahaning sasedherek
patunggilaning ALLAH,
 karana 
tinilar dening GUSTI  YESUS
 ing wekdal semanten
sampun ndadosaken
tuwuhing iman
 kapitadosanipun
para sakabat
 lan 
para pandhereking ALLAH

GUSTI  YESUS
 MANUNGSA limrah
 ing wekdal sematen
ugi ngraosaken kasisahan
lan
 kasisahaning manungsa
 para titahipun ALLAH

Ananging GUSTI  YESUS
 ingkang jumeneng RATUNING Jagad
lan 
RATUNING Swarga
 sampun ngalami kemenangan-kemenangan
 ingkang agung
tumpraping pejah
 utawi
 maut

ALLAH 
langkung ngrumiyinaken
 anggenipun nedahaken
sih palimirmanipun
 lan
 katresnanipun
dumateng para titah

Makaten
conto
 lan
 tuladha
 ingkang sami kita amini
 bilih ALLAH
 ugi nggadahi rancangan
 ingkang langkung prayogi
 kanggening  kita
 saderek
 ingkang nembe tinimbalan
 lah makaten ugi
kanggening kita
 ingkang tinilar


Sapindhah malih
 para sadherek
 …
GUSTI  YESUS 
paring piwucal
bab ngaturi sih pangapunten
 dumateng sadaya tyang
 ing gesang 
ingkang nggadahi kalepatan
dumateng kita.
 ngantos
 70 ping 7

Itungan
 ingkang kathah
 kanggening Petrus
lan 
para sadherek
 ing wekdal samanten

 Manawi
 miturut ukuraning manungsa
 kados dene Petrus
 paring pangapunten ping 7
 iku wus akeh
ananging kanggening ALLAH
dereng cekap
 kedah 
langkung agung malih


Sadherek patunggilan
 kenging punapa
 kita kedah paring
 sih pangapunten
 dumateng tetiyang
 ingkang nggadahi keklentuan,
 kesalahan
 dumateng kita ?

Awit 
kita sami anggadahi ALLAH
 ingkang kebak
 sih pangapunten
lan
 sih piwelas.

Kados pundi
 bilih kita mboten nindakaken
 ngantosa kita pejah, 
tilar ndonya ?

Aku
 isih nduwe musuh
ora bisa kalalekake
 ngantia aku mati pisan
 …………


Patunggilan 
punika awrat
 kanggening saderek kalawau
 karana
 kedah nanggel
sadaya momotaning gesang
 makaten ugi
 sadaya prekawis gesang-pigesanganing
 sadherek sanesipun
 ingkang dereng saged
 kaapura kalawau.

Karana ALLAH
 nuntut dumateng kita

Kedahipun
 kita
 saged seleh lan pasrah
 lan 
masrahaken gesanging dhiri
 kita
lan
 gesanging para sadherek
 anggen
 kita sesrawungan

Kalepatan
 punika
 bab prekawis
 ingkang limrah
 kangge kita
 para patunggilan

 Karana ALLAH
 paring conto
 lan
 tuladha
 kados pundi kedahipun
 kita lumampah
 lan 
nindakaken gesang

Siji ora cukup
 Pitu kurang akeh
 kudune 70 X 7
Wah akeh temen ?

Kanggenipun ALLAH
 punika 
ukuran
 ingkang masuk akal
 lan 
leres
dene kanggening ukuraning manungsa
 punika kathah
 lan
 ageng klentunipun

Sumangga
 kita sinau nindakaken 
sih katresnan
dumateng tetiyang 
ingkang nggadahi kalepepatan
 dumateng kita,
brayat kita
lan
 bab punapa kemawon
supadosa kita
 mboten nyanggi
 gesang 
 ingkang kebak momotan

Sumangga
kita pasrahaken
 gesang kita sawetah
 dumateng ALLAH

Sabab 
ALLAH pribadi
 ingkang badhe mranata
 anggen kita
 badhe nglajengaken gesang
 ing satengahing brayat,
 pasamuwan,
masyarakat
 lan
 bangsa nagari punika


Patunggilan
 ing ayat 19 – 20
 kita
 ugi ngamini
 bilih sapinten kathahipun tyang pitados
 makempal
 nyeyuwun
lan 
memuji
ngluhuraken ALLAH.

Mesthi
 ALLAH rawuh
 ing satengahing pakempalan kalawau.

Mesthi
 panyuwun kita macem-macem
lan
 kathah bab prekawis


Patunggilan
 ALLAH rawuh
 ing satengahing pakempalan kalawau
 kados dene
 ALLAH rawuh
ing dalu samangke

Ngakeni bilih
 kita menika putraning ALLAH
 ingkang kinasih
 karana kita
 saestu anepangi
 sinten 
ALLAH kita 
ingkang sejatos

ALLAH rawuh
mboten anamung wonten
 ing manah
batos kita 
piyambak-piyambak
 ananging 
ALLAH rawuh
 ing satengah-tengahing pakempalan punika

Kabingahan
 ingkang agung
bilih kita 
saged nyatunggil
nyenyuwun
 dumateng ALLAH
 mesthi 
ALLAH badhe paring

Punapa kemawon
 ingkang wonten
 ing pamikir kita
 ingkang kita raosaken
 sadanguning kita sesrawungan
kaliyan para sadherek kita

 bilih
 kita ungelaken
 ing pandonga
ALLAH

 mirsani lan mireng

Sadaya panyuwun kita
kasaosaken
 ing ngarsanipun ALLAH 
 SANG  RAMA

Bilih kita
 mboten saged
 ndedonga malih
 kanthi tembung
 lan
 ukara
ananging kita
 sowan kaliyan para sadherek
 satunggal,
kalih,
tiga
 mbotena kita 
nyebat bab prekawis punika
ALLAH saestu mirsani
 lan 
ALLAH
 ingkang nunggil kaliyan kita
 nggih SANG  ROH SUCI
 ingkang badhe matur
ing ngarsaning ALLAH
 SANG RAMA

Saestu
 para saderek
 ALLAH 
wonten
 ing satengahing gesang patunggilan
 ingkang satuhu
 nindakaken karsanipun


Patunggilan
prekawis ingkang kaping tiga

Ingkang sami badhe kita gegilut sesarengan
 bab prekawis :

Prabu Dawud
 anggenipun ngalami kemenangan-kemenangan
utawi 
keberhasilan-keberhasilan
 anggenipun mimpin 
bangsa lan nagari Israel
 ing kala kapengker


Patunggilan
Ayat 7 
Jabur / Masmur 21 :

“Panjenenganipun (=Prabu Dawud)
 PADUKA dadosaken berkah
 ing salaminipun;
PADUKA  kebaki ing kabingahan
wonten ing ngarsa PADUKA”

Sinten ingkang badhe nyenyuwun
 dumateng PADUKA
 dhuh ALLAH
karana PADUKA
 langkung nyumurupi
punapa ingkang sejatosipun
kangge kasaenan
 ing alam
 ndonya punika

Prabu Dawud
 nyenyuwun
PADUKA nggih paringi
sadaya kabetahanipun
 Sanajan lathinipun
 mboten ngucap

PADUKA sampun paring
 sadaya kabetahanipun
 punapa malih
 ingkang Prabu Dawud 
suwun ing lathinipun
 kumakumecap
PADUKA paringi

Ing ayat 2 – 3 :
(Kita waos)

2.”Dhuh YEHUWAH,
 Sang Prabu sukarena
 margi saking panguwaos PADUKA,
 sanget anggen bingahipun
margi saking kaunggulan 
peparing PADUKA !

3.Sapangesthining panggalihipun
 sampun PADUKA paringi,
saha panyuwun
 ingkang kawedal
 saking lathinipun
boten PADUKA tampik “

Sinten ingkang nyuwun gesang
 kados dene Prabu Dawud,
PADUKA paringi 
yuswa panjang
 ing dinten dintenipun

Makaten
 PADUKA ugi paring gesang
salaminipun

Salaminipun
 ateges
 gesang ingkang langgeng
ngantos
 ing jaman paprentahaning ALLAH

Ing ayat 5
(kita waos)

5.”Panjenenganipun (=Prabu Dawud)
nyuwun gesang gesang dhumateng PADUKA ;
lajeng PADUKA paringi,
 ugi sampun PADUKA paringi
 yuswa panjang  ing salajengipun
saha ing salaminipun”.

Makaten 
ing ayat 7
 ……
PADUKA
sampun ndadosaken berkah
 ing salaminipun.

 Berkah
 ingkang kebak kabingahan 
wonten
 ing ngarsa PADUKA
 salami-laminipun

Makaten
Patunggilan
 ingkang kinasihan 
dening GUSTI  YESUS

Sadaya
 ingkang kita suwun
ing dinten punika

ALLAH
 saestu minangkani
lan 
paring panjawab

Kasisahan kita
 mboten cukup
 kanggening kita sadaya

Kanggening kita sadaya
kasisahan punika
 mboten cekap
kangge kita sadaya
 mboten cekap
karana ALLAH ngresakaken
kita
 ugi nresnani
sadaya tiyang
ingkang sami
 kita tepangi
 kabingahan punika
 badhe sumunar lan tuwuh
 malih
 ing gesang kita

Kaklentuan
 anggen kita gesang ,
kita pasrahaken

Mboten cekap
anamung
 kita mikir dhiri kita
 piyambak

mboten cekap
 anamung ping 7
lan 
ugi mboten cekap
 kita numpuk kasisahan
 ingkang punjering
 saking tyang sanes

Kita
 kedah pasrahaken
  dumateng ALLAH
sadaya prekawis
ing gesang pigesangan kita
 piyambak-piyambak

Mesthi
 ALLAH badhe mranata
 lan
 paring panjawab
 ingkang satuhu
 nyondongi
 ing karsanipun

Halleluya




 AMIN  



















  1. Votum & Berkat
  2. KPK 165  :  1, 2   Jatining katresnan
KP  25 : 1   Endi wong kang dumunung ana


3.      Pandonga

4.  a.Maos Kitab Suci :  MATIUS  18  :  19 – 22
                                        Jabur / Masmur  21  :  7
  1. b.KPK  157  : 1   Nyuwun kalanting ing GUSTI
KP  46  : 1, 2, 3  Dhuh ALLAH ingkang maha wikan

5.      Kotbah ….
  1. KPK   117  : 1  GUSTI  pangen mami
KP  169 : 1, 4, 7 Kadonyan lan kaswargan

7.      Doa Syafaat
  1. KPK   154  : 1   Paseksi sayekti
KP 127  : 1, 2  Kumandel

  1. Berkat