Jumat, 19 Maret 2010

AJA GAWE DOSA MANEH


AJA  GAWE  DOSA  MANEH


 YOKANAN 5 : 1 – 7



              Para saderek kang kinasihan dening GUSTI YESUS ing wekdal samangke kita ngalami kawontenan ingkang mboten kanyana-nyana, awit dene gesang kita ingkang tansah nandang nistha lan papa.

               Para saderek patunggilaning SANG KRISTUS kita menika kagunganipun GUSTI ingkang katresnanan.
Patunggilaning SANG KRISTUS YESUS,
kita kaparingan dhawuh pangandika : 1 Yokanan 5 :1–7

                 Sapa kang ora pracaya yen INGSUN iki putraning ALLAH ?
Sapa ta kang nindakake prakara kang gedhe ing satengahing jagad iki ?
Kajaba ora katuntunan dening INGSUN !
Sapa ta kang ora ngendelake pracayane marang INGSUN iya  bakal kaparingan urip langgeng
Sira pracayaa manawa INGSUN iki ALLAH kang maha kuasa, marga iku sira SUN paringi kasarasan ing uripira saiki uga. Sira ora perlu ngombe obatira maneh.
Sira ora usah kuatir bab penyakitira kang mawarna-warna.
INGSUN kang nunggil sira

            Para saderek  kinasihan
ing GUSTI YESUS.
Samangke kita sageda wanuh dalasan setya tuhu marang dhawuh–dhawuhipun GUSTI karana kita kaparingan kasagedan.
Anggen kita saged nindakaken sadaya prekawis ing gesang kita sanes kakiyatan diri pribadi kita

                   Para saderek patunggilaning SANG KRISTUS YESUS,
Saderek, kita samangke sanes tiyang manca malih, ananging kita menika putraning ALLLAH kang kinasihan.
Kita kagunganipun ALLAH.
Kita kakarsakaken nindakaken prakawis ingkang sampun kaweca ing kitab suci ingkang alandesan sadaya dhawuh pangandikanipun ALLAH.

                   Para saderek kekasihing GUSTI YESUS.
Kita kaparingan saras
Kita kaparingan berkat jasmani
Kita kaparingan putra-wayah
Kita kaparingan jodoh
Kita kaparingan umur
Kita kaparingan punapa kemawon ing jagad punika karana  GUSTI  ALLAH ingkang paring kasagedan anggen kita nampeni sadaya berkah-berkahipun.

                      Para saderek patunggilaning SANG KRISTUS YESUS.
Samangke kula lan panjenengan sageda lumampah ing karsa dhawuh pangandikanipun ALLAH.
Punapa ALLAH badhe nilar kita para kagunganipun ?
Mboten para saderek, menawi kita nggadahi kapitadosan ingkang kiyat condong ing karsanipun.

GUSTI MBOTEN EWAH GINGSIR ANGGENIPUN NRESNANI KITA.

                       Patunggilaning SANG KRISTUS YESUS.
Kita samangke kauji punapa kita asesambat dumateng GUSTI YESUS, menawi nggadahi momotaning gesang?
Kita kedah ningali kahanan ingkang mekaten ageng awratipun, anamung kanthia pitados dumateng GUSTI   YESUS ;
Kabeh iku bisa kaalaman karana GUSTI.
AMIN