Jumat, 26 Februari 2010

PETRUS DADOS ABDI INGKANG SETYA TUHU

Kamis, 19 Maret 2009


LUKAS  22  :  54  -  62




Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Kita samangke
sampun lumebet ing minggu
 kasangsaraning GUSTI YESUS
ingkang minggu  kaping 3

Minggu-minggu
anggen kita ngenget-ngenget malih
 kados pundi lelampahaning GUSTI
 anggenipun nyawisi margi karaharjan
 kanggening kita
para pandhereking GUSTI

punapa anggen kita
 lelabetan rekaos
anggen kita
 nandang papa lan nistha

GUSTI  YESUS  paring dedhawuh
 tumpraping kita sami
 ing sonten samangke
 lumantar reraosan bab PETRUS
ingkang  sampun nyelaki
GUSTInipun

Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI
Kita samangke
 sami nggegilut bab prekawis
seda lan sangsaraning GUSTI YESUS
 lelabuhanipun
kanggening kta sasedherek
tunggil pitados

Rahayu tyang ingkang tansah nggatosaken
 sadaya bab prekawis punika
 mboten anamung ngraosaken
 lan ndadosaken
 cariyos ingkang nggegirisi
 tumpraping gesang kamanungsan kita
ananging sageda ndadosaken
 punjering kakiyatan iman
 kapitadosan kita
dumateng ALLAH
 ingkang saestu
karana GUSTI ALLAH
 maha tresna
dumateng kita sami

ALLAH nresnani kita
 kados dene ALLAH
 ugi nresnani sadherek patunggilan sanesipun

Makaten ugi
GUSTI  YESUS  nggih nggatosaken Petrus –
 Simon anaking Zebedeus




Patunggilan
 samangke kita sami
 taksih enget
 bilih Simon anaking Zebedeus punika
 ugi kaaranan Petrus
ingkang nggadahi teges “batu karang”,
 sela karang
 awit kita ugi  mangertosi
 kados pundi Simon Petrus menika
 anggenipun nderek
ngetut wingking
ing samargi-margi
ndherekaken GUSTI  YESUS
ing rikala kapengker
ing peladosan
ing tlatah Israel

Kados pundi Simon Petrus
anggenipun nggadahi iman ingkang kiyat
saestu
 dumateng GUSTI  YESUS ?
punika ingkang kedah
 kabuktekaken lan
 dipun dandosi
dening GUSTI  YESUS ing tembe

Kados ingkang kaserat
 ing kitab  MARKUS 8 : 29  ……..

PANJENENGAN banjur ndangu marang para sakabat,
 “ Nanging kowe padha ngarani AKU iki sapa?”.
 Petrus nuli matur,
 “PANJENENGAN punika MESIAS!”

LUKAS  22 : 33 …….
Atur wangsulane Petrus,
 “GUSTI,
kawula cumadang mbelani PANJENENGAN,
sanadyan ngantosa dipun kunjara
lan dumuginipun pejah pisan”.

Pancen
Petrus nggih netepi punapa ingkang dipun aturaken
dumateng GUSTI  YESUS
 ananging punika
 kalampahan lan sampun dipun buktekaken
 dening Petrus
ing tembe anggenipun ngabaraken
Injiling ALLAH
dumugi ngantos pinejahan


Patunggilan
 punika sejatosipun
ALLAH langkung sumurup
sadaya isining batos manahing para sakabat

Petrus kaatag
 dipun dorong
dening GUSTI  YESUS
supadosa nggadahi manah
ingkang kendel
 lan tetep ing iman kapitadosan
 ingkang sejatos

Petrus
saderengipun dados rasulipun ALLAH
piyambakipun sampun cumadang
dados murid ingkang setya
 lan ngabekti dumateng gurunipun

Petrus
 nggadahi iman
 ananging dereng kauji

Petrus
nggadahi iman kapitadosan
dumateng GUSTI  YESUS
 alangkung sae malih
sasampunipun mangertosi
 sadaya bab prekawis
 ingkang sampun sami GUSTI YESUS tindakaken


Patunggilan
Imaning Petrus
kadadar malih
lan kauji
dening ALLAH
 lumatar prastawa
detik-detik terakhir
 anggenipun GUSTI YESUS
 nglampahi kasangsaran
lan kaadili
 dening pemimpining agami Yahudi
seda lan sinalib
 wungu malih
 ing tigang ndintenipun




Patunggilan
 Petrus
 sampun nedahaken tekadipun
 nggih kekedelanipun
 mbelani GUSTI  YESUS
 samangkya GUSTI paring wangsulan …….
”AKU  pitutur marang kowe,
Petrus :
 ing dina iki
 bakal ora ana jago kluruk ,
sadurunge kowe nyelaki AKU nganti kaping telu”.


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
kita samangke
 sampun dados padhereking GUSTI  YESUS
 ugi sampun sami cumadang
 nindakaken sadaya bab prekawis
 ingkang GUSTI  YESUS dhawuhaken
ananging
 kita ugi taksih asring
 kados dene Petrus
 anggenipun saged nyelaki
 GUSTInipun

Punika karana
 Iblis ingkang saweg keklinteran
anggenipun ngupengi kita
 supadosa kita dumawah ing dosa,
 mila paratobat kita
sami ndadosaken kita
kaparingan kekiyatan malih
 dening ALLAH


Patunggilan
Simon Petrus
 kados makaten anggenipun dumawah
ing wewengkoning Iblis
 piyambakipun sampun nyelaki GUSTInipun
 ngantos ambal kaping tiga
sasampunipun nyelaki GUSTI
 GUSTI  YESUS minger
lan nggatosaken Petrus
 adu arep
 ing wekdal semanten
Petrus kengetan malih
punapa ingkang sampun GUSTI dhawuhaken
 sampun kalampahan

Pertrus nyelaki GUSTInipun
ngantos ambal kaping 3


Patunggilan
 asring kita ugi makaten
rumiyin
ing wiwitan kita taksih anem
anggen kita sesrawungan kaliyan tiyang sanes
 asring kita nyelaki GUSTI
 lumantar bab sadengah prekawis
contonipun……..

Panjenengan dalemipun wonten pundi ..?

Punapa kita enggal njawab
 ing Suwaru,
 mengko aku lakh diarani Kristen ?

Aku yok apa …..yen mangkono pamikir kita

Jawab kita
 ingkang rumiyin nggadahi pengalaman punika
 paring cariyos ……
omahku ana Pagelaran…..
omahku ana wonolopo
lan sanes-sanesipun malih
 pengalaman ing gesang kita

sejatosipun
 kita asring nyelaki
 kahanan ingkang saleresipun

Kita kepengin slamet
mboten ngantos kadawa-dawa –
kalajengaken pawicantenan punika
kaliyan tyang sanes
ingkang unjuk pitakenan



Patunggilan
 kita punapa ugi nate nyelaki
 kahanan kita
 ing bab-bab ingkang gegayutan
 kaliyan iman kaiptadosan kita
dumateng GUSTI YESUS
anggen kita mangun gesang ing masyarakat ?

Bilih nggih
mesthi kita nggih nggetuni
 rumaos sampun nyepelekaken
 bab ingkang sejatosipun sampun kita imani sesarengan

Petrus
 ugi makaten
manahipun kalara-lara
 ngraosaken punapa ingkang nembe kadadosan

GUSTI  YESUS  saking tebih
minger lan mirsani Petrus

Petrus
sampun dhawah ing dosa

Ing pangakening Petrus
 piyambakipun badhe mbela GUSTI
 ngantos pejah

Samangke GUSTI
nandukaken punapa
ingkang kedahipun Petrus lampahi

Pamratobat
 lan ngakeni sadaya dosa kalepatan
punika ndadosaken Petrus
 wangsul malih ing pangrehing ALLAH

Kakiyatan lan iman
ingkang tangguh
 kaparingaken kanggenipun Petrus

Petrus samangke
dados petrus ingkang kiyat ing iman
Kapitadosanipun kauji
ing sawarnining pengalaman
 anggenipun tetep nderekaken GUSTI YESUS

Karana punika
 Simon Petrus kaparingan artos
sela karang-
batu karang
 di atas batu karang ini
gereja
dibangun

Penginjilan Petrus –
 Pawartos Injil ingkang Petrus ayahi
 ndadosaken sumebyaring tyang pitados
ing sawetah laladan,
 greja
nggih punika pakempalaning tyang pitados
tuwuh tumuwuh

sumangga
Cecawisan kita
 anggenipun kita badhe mengeti dinten PASKAH

Sumangga kita alami
 kanthi saestu
 kita ningali dhiri pribadi kita
 kita alami kanthi tetep setya tuhu
dumateng GUSTI  YESUS
 kados dene Petrus
 ingkang nyelaki GUSTInipun
ananging wangsul  malih
masrahaken sadaya dosa
 kalepatanipun

GUSTI  YESUS ingkang ngiyataken
 Petrus lan
 ndongaken Petrus
Kita
alami sesarengan
sumangga
  kita wujudaken
 sadaya prajanji kita
anggen kita
 badhe ndherek
 tut wingking
GUSTI  YESUS
 ngantos puputing nyawa kita

GUSTI nimbali kita
supados dados pandherikipun ing setya tuhu




AMIN




1.      Votum/Berkat
2.      Pamuji KPK  7 : 1, 2, 3  Puji konjuk ALLAH
3.      Ndedonga
4.      Pembacaan Alkitab : LUKAS  22 :  54 - 62
5.      Pamuji KPK  195  : 1  Isining kitab suci
6.     KOTBAH …..
7.      Pamuji KPK  165  :  1   Jatining katresnan
8.      Doa syafaat :
Memuji  KPK  167  :  Panuntuning  GUSTI
9.      Berkat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami