Jumat, 26 Februari 2010

NJAGI KAWILUJENGANIPUN BRAYAT


 Kamis, 20 Nopember 2008

PANGANDARING  TORET  6  :  1 – 9


Patunggilan ingkang katresnanan dening ALLAH
Kita samangke
sami kaparingan dhawuh pangandika
 lumantaran reraosaning
isining kitab suci ing ayat 6 – 9 miliginipun

Sumangga kita waos malih :
6. Tembung-tembung
 kang diprentahake marang kowe
ing dina iki,
 iku padha gatekna,
7. lan padha wulangna bola-bali
marang anak-anakmu lan
 rembugen
samangsa kowe lagi lungguhan
 ana ing omahmu,
 samangsa kowe pinuju lelungan lan
samangsa lagi turon  utawa
 samangsa kowe tangi.
8. Sarta maneh
 padha talenana ing tanganmu
minangka pratandha,
lan dadia tenger
 pangeling-eling
ana ing bathukmu,
9. apa dene
 padha tulisana
ing pipining lawange omahmu
 lan gapuramu.


Patunggilan
 kita samangke sami gesang
 ing pungkasaning tahun,
wulan Nopember

Pinten danguning kita gesang
 ing jagad punika
anamung sekedap
nanging samangke jamanipun sampun sepuh,
ewah-ewahaning jaman
saking miyosing GUSTI  YESUS
ing wiwitaning tahun …. kapengker
 sejarah sami sampun nyatet
 kathah prekawis
 ing iman kapitadosaning tyang pracaya
 sami katut ing ombyaking jaman

Saestu sansaya tebihing tahun-tahun punika
kaliyan miyosing GUTI  YESUS
sami saged ngewahi kapitadosan
ingkang sayektos

Tuntutaning jaman
 saged rupi-rupi kahanan
 ingkang sami saged ngganggu
 kapitadosanipun tyang pracaya

Patunggilan
 kita samangke
 dados abdi ingkang pinilih
 ing wewengkoning ALLAH
 karsanipun kedah kita tetepi
lan kita tindakaken
sapinten katresnan kita dumateng ALLAH
sumangga kita wujudaken
 ing dinten-dinten peparinging ALLAH
lumantar tambahing umur kita
 sansayaa kiyat
 lan sansayaa  nggatosaken timbalanipun


Patunggilan
kita punika gesang
 kanthi kebak raos kuwatir
 bilih mboten badhe saged netepi
 sadaya dhawuh pangandikanipun ALLAH.

 Reraosan punika
dados reraosan ingkang sami
amiterang dumateng kita
 bilih kita saestu tresna dumateng ALLAH

Bilih kita mboten nresnani ALLAH
 Kita ugi nggih mboten badhe
nggadahi reraosan kados makaten kalawau

Sinten ing celak lan caket kaliyan ALLAH
mesthi badhe ngudi
sadaya dhawuh-dhawuhipun
Dhawuh-dhawuhipun ALLAH
badhe kautamekaken ing gesangipun


Patunggilan
 kita samangke
 sami sampun dados sepuh,
dados tyang sepuh
 nggih dados mbah buyuting
para putra wayah kita


Patunggilan
Jamaning kita gesang
ing wekdal samangke
 kathah prekawis ingkang kedah kita sipati sesarengan
supadosa iman kapitadosan kita lan
iman kapitadosaning putra wayah kita
mboten  lingsir lan berubah
 ugi katresanan kita dumateng ALLAH
mboten berubah

Pitepangan kita kaliyan ALLAH
sami sageda katindakaken
ugi sami sageda katindakaken
kaliyan para putra wayah kita

Mila kita kedah paring panyinaon
 dumateng putra wayah kita
Sebab jamaning kita gesang samangke
 ageng sanget gangguan-gangguan
 ingkang sami saged ndadosaken
 gesanging brayat kita buyar,
 risak
sacara tata lair lan karohanen

Kita saged sami
saged ngalami karisakan
 sacara iman kapitadosan lan
 kasetyan kita dumateng ALLAH

Iman kapitadosan kita
dados rohing kakiyatan kita
anggen kita nderek
 tut wingking
ing karsanipun ALLAH

Kamangka jaman samangke
 kathah prekawis ingkang saged ngalang-alangi
 anggen kita nyelak lan caket
dumatebng GUSTI YESUS

 Bab kekerasan ingkang “merajalela”
ngedap-edapi ing jaman samangke
 lan bab-bab sanesipun
 ingkang saweg ngetren ing wedal samangke.

Pramila
 kita kedah nggadahi rancangan lan
 pangudi
sageda mbentengi lan
njagi kawilujenganing brayat kita

Antawisipun :
1.      Mbatesi tayangan TV, film utawi CD
ingkang dipun tingali dening anak, putra wayah kita.
Kados pundi caranipun ?
Caranipun …
kita tansaha ndampingi para putra wayah kita
anggenipun milih lan
ningali tayangan TV, Film lan CD.
Bilih perlu
kita saged mbatesi jam-jam tonton
para putra wayah kita


Patunggilan
kita kedah nggandengaken lan
migunakaken dhawuh panangandikanipun GUSTI
ingkang mijil saking  Kitab Suci
kangge ngoreksi …
tatanan basa,
tata pasrawungan lan
tata moralitas ipun media
ingkang sami sampun katonton lan
kapireng dening para putra wayah kita.
Kita selaku tyang sepah
kedah sregep paring pangretosan-pangertosan
bab pundi iangkang sae lan
bab pundi ingkang mboten sae
ingkang kita panggihi sesarengan
para putra wayah kita


2.      Patunggilan
bilih para putra wayah kita
sami sampun ageng
sakmestinipun para putra wayah kita punika
mesthi badhe ngadahi tepangan,
kanca anggenipun sesrawungan.
Ing mriki kita kedah tepang
utawi “berusaha” nepangi
kanca-kancanipun anak-anak kita.
Salajengipun
bilih tata gesang lan pasrawunganipun
mboten nyondongi lan ndadosaken
kita kirang setuju
kaliyan punapa ingkang dipun tindakaken
para putra wayah kita.
Kita sampun ngantos langsung duka ( emosi …)
Kita kedah ngorek – miterang  kathah-kathah
saking para putra wayah kita lan
saking kanca-kancanipun
supados kita saged mendet keputusan
ingkang sae lan
paring masukan-masukan
ingkang saged katampi
kaliyan para putra wayah kita
kanthi legawaning manah.
Mujudaken situasi-
kahanan brayat ingkang ngremenaken lan
nyaman kanggene para nem-neman
para putra wayah kita
dalasan para kanca-kancanipunsami
saengga seneng betah dolan ing griya,
punika salah satunggaling cara
ingkang saged mbyantu kita
ngenali sinten-sinten kanca-kancanipun
anak putra wayah kita lan
kados pundi wujuding pasrawunganipun


3.       
Patunggilan
kita samangke
sami ngalami lan
ngadepi kahananing jagad-ndonya punika
lan resikonipun,
bilih anak-anak kita
sampun ngancik pemuda
kita kedah sregep paring pangertosan-pangertosan
menggah dasar-dasaring iman Kristen
ingkang sineratan ing Kitab Suci
tamtunipun kanthi kasabaran,
telatos-
tekun ngajak para putra wayah kita
rerembagan-
tukar pendapat.
Kanthi makaten
saestunipun pangertosan ingkang katampi
dening anak kita saged  badhe mbantu mujudaken
gesang ingkang bakuh lan
mbangun tameng iman
ing manah lan gesangipun.
Lah kanthi makaten
kita sampun mbyantu anak-anak kita
saking bahaya-bahaya
bebaya-bebaya
ingkang badhe sami dipun adhepi


Patunggilan
kados pundi
 punapa kita sami
sampun njagi kawilujunganing brayat kita ?
Punapa kita namung pasrah sawetah
tumrap bebaya ingkang badhe nempuh
dhumateng anak-anak kita ...
mliginipun ingkang arupi
tayangan TV, Film lan CD, ugi internet ?

GUSTI  YESUS nimbali kita
supados kita
mbangun gesanging brayat
ingkang satuhu ing dhawuhipun


AMIN











 




1.      Votum / Berkat
  1. KPK 13  :  1, 2   Aku duwe Pamarta
3.      Pandonga
4.      Maos Kitab Suci :  PANGANDHARING TORET 6 : 1-9
  1. KPK  195  : 1   Isining Kitab Suci
6.      Kotbah ….
7.      KPK   81  : 1, 2,  3  Nderek GUSTI
8.      Doa syafaat
9.      KPK   149  : 1   GUSTI nuntun 
10. Berkat