Jumat, 26 Februari 2010

GUSTI YESUS NUWENI UMATE

Kamis, 19 Februari 2009

LUKAS  7 : 11 – 17

Patunggilan ingkang kinasihan dning GUSTI  YESUS
 kita samangke sami kaparingan dhawuh pangandika
bab pakaryaning ALLAH
 lumatar GUSTI  YESUS  KRISTUS

ALLAH langkung nresnani
dumateng umatipun
 alangkung sae malih
 nuweni ing gesang pigesanganipun

ALLAH rawuh
nuweni umatipun
 anjalari sadaya bab prekawis
 ing gesang pigesangan punika
saged katampi sae lan sukarena


Patunggilan
 kita sami nggadahi momotan
ing gesang punika
sae ingkang kasumurupan dening tyang sanes
 nggih makaten ingkang mboten katingalan dening driya
  tyang sanes mboten saged nderek ngraosaken

Makaten para saderek
 kita punika abdinipun ALLAH
 ingkang kebak karingkihan ing gesang


Ing gesang kita punika
 sami saged tuwuh gesang enggal
bilih kita sami cumadang
 nampeni tetandhaning katresaning ALLAH
nggih  rawuhipun ALLAH
 ing gesang kita sami


Patunggilan
bilih kita sami dados pandereking ALLAH
 saestunipun kita sami
nggih tansah ngalami kabingahan
 sukarena lan kabegjan ageng

Bilih saderek sanes ing sagolongan
 mestinipun ngraosaken kawontenan ingkang mboten makaten


Patunggilan
 kita sami
 alangkung sae malih para pandereking ALLAH
kita sae ing lampah
 lan pawicantenan

 kita asring ndadosaken
 panglipur kanggenipun  saderek sanes
 ingkang saweg ngalami kacingkrangan lan
ingkang sami ngalami karubedan lan
kasisahan …
 awit ALLAH pribadi
ing ndalem ASMANipun GUSTI  YESUS KRISTUS
 sampun makarya lan
paring pitulungan
sae ing wekdal sisah lan kebak momotan


Patunggilan
reraosan kita ing dinten punika :
 ALLAH makarya nangekaken
 sadherek ingkang sami tilar ndonya
nggih punika anaking mbok randha ing kutha Nain
Sadherek punika
 nggih anake mbok randha - ontang anting
ing salampah-lampah
kathah tyang ingkang ngrojongi kasisahanipun
punapa malih ingkang langkung nyumerepi
kahananipun si mbok randha
 mesthi badhe trenyuh batosipun
trenyuh lan enggal sageda paring pitulungan

Ananging para sadherek sapatunggilan
mbok randha kalawau sampun  katilar pejah
dening anakipun
 saged punapa kita para saderek sanes ?

Anamung ngaturaken belasungkawa


Patunggilan
kita sami dados pandherikipun ALLAH
kita sami ngalami kamulyan agung
 ing wekasan ing jaman lan
ing salamanya ing jagad punika


Patunggilan
 sesarengan prekawis punika
sami kalampahan
GUSTI  YESUS rumaos trenyuh manahipun
lajeng kaendeg lelayon lan rombongan punika
 satunggal prekawis kang ngedap-edapi kalampahan

Anake mbok randha kalawau
Katangekaken
 kawungokake
nganti saben tyang ingkang sumerep
 badhe atur pitakenan :
sinten GUSTI YESUS punika…
 lajeng mesthi nggadahi pamanggih
 bilih ALLAH ingkang maha kuwaos
 ingkang sampun rawuh
nuweni umatipun
paring kasarasan,
 kakiyatan lan
 ugi gesang pigesangan enggal


Patunggilan
 ing reraosan kita ing wekdal samangke
kita pireng
 ALLAH sejatosipun sampun rawuh
ing satengahing gesang kita
nuweni kita
lumantaran brayat ingkang sami nyawisaken
prekawis gesangipun
 ing samukawis prekawis

Sampunta
kita ngaturi GUSTI  YESUS rawuh
 tumindak kita sampunta nrenyuhaken GUSTI  YESUS ?

Bilih dereng
 kenging menapa kita sami ndukakaken GUSTI  YESUS ?

Bilih mboten
 kenging menapa GUSTI
 mboten enggal-enggala paring pitulungan  ?

Kenging menapa GUSTI rawuh ing sawekdal-wekdal
 kita mbetahaken ?


Para sadherek
Karsanipun GUSTI  YESUS
kita kedah alami
bab gesang karohanen ingkang sejatos
 mbingahaken
 lumantar patunggilan kita kaliyan ALLAH
Lumantar para saderek sapatunggilan
Kita badhe ngalami gesang ingkang kebak kabingahan

Anamung punika
GUSTI  YESUS rawuh lan ngrawuhi para sakabat
 nggih kita sadaya saputunggilan
 sampun sami kaetang
kathahipun
bab prekawis ingkang ngedap-edapi
manut angger-anggering ALLAH
 kita sami asring dipun entas
 saking sadaya rubeda

Alangkung sae
kita menika para putra-putraning ALLAH
 sami kaentasaken saking dosa
 kalepatan kita

Kalepatan-kalepatan ingkang njalari
dumawahing gesang kita
ngantos dumugeng pejah langgeng

Gesang kita
 sampun sami kaentas
 lan karesiki dening ALLAH
sadaya punika lumantar pakaryaning GUSTI  YESUS

Lajeng
 punapa ingkang badhe kita tindakaken
 ngantos ing dumugi wekdal samangke ?

Sampunta
kita sami nrenyuhaken ALLAH ?

Bilih sampun
kenging menapa kita dereng rumaos bingah
 lan suka rena
 karena kita sami dereng mbekta
 sadaya prekawis gesang kita
 ing ngarsanipun ALLAH

Sapinten kathahing gesang kita
 kedah kaaturaken dumateng ALLAH
 lajeng ALLAH
badhe  muwun
lan trenyuh dumateng kita

 ALLAH badhe ngasta
 raga jasmani kita
 rohani kita
kaenggalaken malih


Lumantar prekawis-prekawis ing ngedap-edapi
 pengalaman ingkang nyariosaken
bilih ALLAH sampun paring pitulungan


Sadherek sapatunggilan
 sumangga kita tansah ngaturi ALLAH
 lumantar pandamel kita ngetut wingking ingkang sae
 Dadosa satunggal rombongan ingkang sae
ingkang  kebak kabingahan lan suka rena

Mboten wonten patunggilan
 ingkang semplah gesangipun
 ananging kathah tyang ingkang rumaos prihatos,
 trenyuh
Sumangga kita sami dados para pandhereking ALLAH
ingkang gampil prihatos lan trenyuh dumateng sesami

Kanthi makaten
ALLAH mesthi badhe mrihatosaken dhiri kita
 lan gampil trenyuh


AMIN













1.      Votum / Berkat
  1. KPK 19  :  1, 3   Angluhurken ALLAH
 3.      Pandonga
4.      Maos Kitab Suci :  LUKAS  7 :  11  -  17
  1. KPK  193  :  1, 3  Mung sawiji kabegjan sejati
 6.      Kotbah ….
7.      KPK   117  : 1  GUSTI  pangen tami
8.      Doa syafaat
9.      KPK   13  : 1   Aku duwe Pamarta 
10. Berkat