Minggu, 07 Februari 2010

AWRATING MANGGUL SALIB

Kamis, 18 Pebruari 2010







LUKAS 9 : 22 - 25






23.
Kabeh banjur padha dipangandikani,
“Saben wong kang kepengin ngetut buri AKU,
iku kudu nyingkur awake dhewe,
saben dina manggul salibe lan ngetutake AKU…”



Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Kita samangke sami lumebet ing wulan Februari,
taksih kalebet wiwitaning tahun.
Kita ugi sami tetep kaatag dadosa murid ingkang saged nyonto lan nuladha
dumateng “ guru ”
GURUning gesang kita nggih punika GUSTI YESUS PRIBADI

GUSTI YESUS PRIBADI ingkang paring dhawuh :

“Saben wong kang kepengin ngetut buri AKU,
iku kudu nyingkur awake dhewe,
saben dina manggul salibe lan ngetutake AKU…”

Karsanipun ALLAH sampun kawedaraken ing reraosan punika bilih ALLAH satuhu nresnani
tumprap sadaya tiyang ingkang kacinipta,
ingkang kaparingan dhawuh suci kanggening sangu migesang ing satengahing jagad



Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS

Pundi ta kasaenan ingkang sami sampun kita lampahi ?
ingkang mboten cunduk kaliyan karsaning GUSTI YESUS ?

Bilih wonten … tumindak kita ing bab-bab kasaenan punika
ateges kita nggadahi tolok ukur
nindakaken bab kasaenan punika

Kanggenipun ALLAH PRIBADI
kasaenaning gesang kita punika…
bilih kita sampun purun tut wingking, nderekaken GUSTI YESUS
SANG JURU WILUJENG -
PANATA PANETEP GAMI

Sinten tiyang ingkang kepengin nderek tut wingking GUSTI YESUS
kedahipun purun
nggih purun nilar gesang lami
ingkang mboten nyondongi ing karsanipun ALLAH --
Nyingkur awake dhewe…..



Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS

Sampun kathah perkawis ingkang ndamel diri kita lepat, salah …
anggen kita nderek GUSTI YESUS
Perkawis mawarni-warni punika sampun sami kita tindakaken

Ing wekdal samangke kita kathedahan malih
kados pundi kedahipun gesang tut wingkingmanggul salibe GUSTI–
nyingkur awake dhewe

GUSTI YESUS sampun nate rawuh ing satengahing jagad
nindakaken sadaya bab perkawis kasaenan kanggening jagad
lan manungsa titahipun

Jagad lan manungsa titahipun sampun sami lumawanan
dumateng karsanipun ALLAH
Kawastanan sampun dumawah ing dosa
dosa ingkang sami mbekta kita lumampah tansaya nebih saking
kawilujenganing ALLAH

ALLAH mboten ngersakaken kita sami dumawah ing dosa- kalajeng-lajeng …
ALLAH mboten ngresakaken kita sami lumampahan piyambak
ing sauruting gesang kita ing jagad punika

Kita kaatag dadosa panderek-panderekiPUN
ingkang sami setya-a tuhu nindakaken karsa lan karsaniPUN.

GUSTI YESUS rawuh -
seda sinalib -
lulut dumateng karsanipun SANG RAMA –
nindakaken sadaya bab perkawis kasaenan …
kanggening gesang langgeng peparinging ALLAH

Tindak rawuhing GUSTI YESUS ing satengahing jagad
ing tembe wekdal kapengker
nedahaken dumateng kita
bilih GUSTI YESUS sampun dados GURU ingkang sejatos
ingkang sampun paring piwulang
lan ingkang sampun nindakaken punapa ingkang kawucalaken

Guru ing tatananing gesang kita ateges :
tiyang ingkang saged dipun gugu lan ditiru

Guru ing pandamel,
guru ing pawicantenan lan
guru ing kawisesanipun
kaunggulanipun ing pamikiran lan sanes-sanesipun
sami saged digugu lan ditiru

Jamaning kita gesang samangke …
guru ngalami pergeseran artos …
dereng saged utawi mboten malih dados conto lan tuladha
anggenipun nindakaken punapa ingkang sae …
tumparaping dhiri pribadhinipun

Kasaenan punika anamung kasaenan ing tutuk lan lambe
kanthi makaten kasaenan punika mboten katindakaken ing gesang…
saben dintenipun

Mboten saged digugu lan ditiru…

Punapa ing gesang kita ugi inggih ngalami pergeseran artos punika ?
Dadosa …majelising jemaat ?
dadosa …tiyang sepuh kanggening para putra ?
makaten ugi :
dadosa …para pemimpining masyarakat ?!

Kita anamung angger dados juru lan angger dados guru
( “…kita hanya sekedarnya jadi guru atau juru ….” )

Karana kita mboten netepi …
sadaya bab prekawis ingkang kedah kita lampahi
ing saben ndintenipun
mboten mokal bilih kita mboten saged kawastanan guru utawi juru
kanggening anak-anak
kanggening warganing pasamuwan lan
kanggening warganing masyarakat

Kita sampun sami nilar sakathahing angger-anggering pranantan


Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Panjenengan lan kula sami nggadahi GURU SEJATOS
nggih punika GUSTI YESUS
ingkang sampun paring piwucal lan ingkang sampun netepi
sadaya pranataning ALLAH
Sadaya bab prekawis ing gesang nderek - tut wingking manggul salib
ngantos dumugeng pejah - tilar ndonya

GUSTI YESUS ugi sampun paring conto lan tuladha…
makaten kedahipun ingkang katindakaken dening para pandherekipun

Ndherek GUSTI ALLAH…inggih nggadahi pangertosan…
ndherek manggul salibing gesang … ngetut mburi ing karsanipun ALLAH

Manggul salibing gesang nggadahi pangertosan …
nyingkur awake dhewe kangge ngudi gesang langgeng
ingkang sampun kacawisaken dening ALLAH

Gesang langgeng punika gesang ingkang punjering saking ALLAH
punapa ingkang kaalaman ing satengahing jagad anggen kita migesangan
punika kedah manut nurut lan lulut ing karsanipun ALLAH
mboten karepe dhewe lan nerak sadaya angger-anggering ALLAH

( Pancen abot para sadherek patunggilan, manggul salib punika ……….. )
Aboting urip,
rekaosing gesang nderek tut wingking GUSTI YESUS
menika nedahaken…
kita sami sampun purun nderek manggul salib
Jagad punika saestu mboten sami kaliyan karsanipun ALLAH…

sadaya pepenginaning jagad kawastanan sulaya ing ngarsanipun ALLAH
Sampun ta kita mboten sisah ngudi jagad punika …

sumangga kita ngudi lan nindakaken sadaya karsanipun ALLAH

Rahajeng kita sapatunggilan…
ingkang karsa mireng-mirengaken dhawuh pangandikanipun ALLAH
lumantar wewaosan isining KITAB SUCI

GUSTI YESUS taksih maringi wekdal dumateng kita
sesaged-saged kita ngetut-a wingking …
dalasan manggul-a salibing GUSTI YESUS
jer kita badhe nampi kawilujengan lair lan batos,
lan berkah ing satengahing kita nderek tut wingking
ing salampahing gesang kita ing jagad punika
makaten ugi ing tembe kita katimbalan wangsul
rumaket ing kratoning ALLAH,
ing kraton kalanggengan –
SWARGA




AMIN





  • BERKAT
  • Kipas 147 : 1, 2, 3 KPK 36 : 1, 3, 5 KJ 15 : 1, 3
  • DOA Pembukaan & Firman
Pembacaan Firman : LUKAS 9 : 22 - 25
  • Kipas 70 : 1, 7 KPK 70 : 1, 2, 5 KJ 407 : 1, 4
Kotbah / Renungan : AWRATING MANGGUL SALIB
  • Kipas 137 : 1, 3 KPK 126 : 1, 2, 3 KJ 368 : 1, 4
  • DOA Syafaat
  • Kipas 130 : 1, 5, 6 KPK 321 : 1 KJ 450 : 1, 5
  • BERKAT